Minggu, 03 April 2011

Babagan sesorah

Pangertosan Sesorah
Sesorah utawi Pidato saged ugi sinebat Tanggap Wacana. Dene werdinipun Sesorah, inggih
punika ngendika wonten sangajengipun tiyang kathah. Langkung gamblangipun wedharipun
pangandikan kasebat, anggadhahi ancas utawi tujuan ingkang gumathok.
Dene ingkang dipun wastani tiyang kathah, inggih punika boten wonten watesipun, inggih
kinten-kinten langkung saking sedasa tiyang.
Ancasipun Sesorah saged kaperang dados tiga, inggih punika :
1. Kagem nyaosi pangertosan dhumateng tiyang sanes.
2. Kagem nyaosi karemenan/panglipur dhumateng ingkang kepareng midhangetaken.
3. Kagem mempengaruhi pamanggih utawi pendirian ingkang sami mirengaken,
supados kersa tumindak ingkang dipun suwun dening pamedhar pangandika.
Bilih Sesorah punika kagem nyaosi pangertosan dhumateng tiyang ingkang midhangetaken,
pramila tanggapan saking pamiyarso ingkang dipunkajengaken, inggih punika bilih para pamiyarso
saged mangertosi punapa ingkang dipunandharaken dening pamedhar pangandika.
Bilih Sesorah punika kagem nyaosi karemenan/panglipur dhumateng tiyang ingkang
midhangetaken, pramila tanggapan saking pamiyarso ingkang dipunkajengaken, inggih punika bilih
para pamiyarso saged rumaos rena ing penggalih.
Bilih Sesorah punika kagem mempengaruhi pamanggih utawi pendirian dhumateng tiyang
ingkangmidhangetaken, pramila tanggapan saking para pamiyarso ingkang dipunkajengaken, inggih
punika bilih kapitadosan para pamiyarso dhumateng punapa ingkang sampun dipunjlentrehaken
dening pamicara, kanthi tulus saha ikhlas, para pamiyarso kersa nindhakaken punapa ingkang
sampun dipunngedikakaken dening pamedhar pangandikan.
Pancawisan Sesorah
Sanadyan kados pundi rantaman adicara Sesorah ingkang sampun dipuncawisaken, tamtu
taksih kathah tithalipun saha kekiranganipun. Bok bilih, ingkang midhangetaken dereng saged nampi
babaran saking rantaman Sesorah punika.Ing salebetipun Sesorah, pananggap wacana badhe
pikantuk sambetan ingkang sae, manawi piyambakipun saged nglumantaraken Sesorah kanthi
wacana ingkang sae ugi.
Awit saking punika, kedhah dipun gatosaken prekawis-prekawis ingkang kirang mranani
penggalihipun para pamiyarso ingkang sami midhangetaken.
Sikep sarira ingkang kirang mranani antawispun :
1. Jumeneng kanthi lelambaran suku setunggal.
2. Jumeneng kanthi suku ingkang sakalangkung rapet.
3. Jumeneng kanthi suku ingkang sakalangkung megar.
4. Jumeneng kanthi loyo utawi boten wonten semangat.
5. Jumeneng jonjing utawi kurang imbang.
6. Jumeneng kanthi lelendhen papan wicara (mimbar).
7. Sekedhap-sekedhap ngewah-ewah sarira (badan).
8. Jumeneng boten kanthi kapitadosan ingkang gumathok (kirang percaya diri).
9. Jumeneng Kaku.
10. Jumeneng boten nggatosaken papan panggenan.
Ewah-ewahaning pasuryan ingkang boten mranani antawisipun :
1. Gumujeng ingkang dipun damel-damel.
2. Asring mesam-mesem.
3. Polatanipun mbesengut.
4. Tansah tumungkul.
5. Gugup.
Ewah-ewahaning sarira ingkang boten mranani antawisipun :
1. Asring ngebahaken satunggaling perangan sarira.
2. Ngebahaken salah satunggaling perangan sarira kanthi tidha-tidha (tiba-tiba).
3. Ngebahaken perangan sarira ingkang boten trep, kaliyan ingkang dipun
ngendikakaken.
4. Asring kukur-kukur utawi asring ngukur salah satunggaling perangan sarira. Asring
mirsani cathetan.
5. Asring ningali nginggil.
6. Nglebetaken asta wonten ing sak clana.
7. Boten migatosaken kawontenan utawi ingkang midhangetaken.
Sasanesipun punika, nalika Sesorah ugi kedah dipungatosaken prekawis-prekawis ingkang
kados ing ngandhap punika :
1. Sora lan botenipun suwanten.
2. Iramaning suwanten.
3. Rancaking pamicara ingkang laras kaliyan tandhaning anta wecana (tanda baca).
4. Swasananing suwanten ingkang laras kaliyan kawontenan.
Rantaman/Cengkorongan Sesorah
Ing salebeting Sesorah, kedah kamomot prekawis-prekawis ingkang sampun karantam kanthi
urut-urutan kados ing nggandhap punika :
1. Salam pambuka.
2. Purwaka basa (pambuka).
3. Isi Sesorah (Pidato).
4. Wigati/dudutan (kesimpulan).
5. Pangajeng-ajeng.
6. Wusana (panutup).
7. Salam panutup.
Jangkepipun kados makaten :
1. Salam pambuka, inggih punika ngaturaken uluk salam dhumateng para rawuh,
tumunten kalajengaken nyebat asmanipun para rawuh.
2. Purwaka (pambuka), inggih punika atur panuwun (matur nuwun) dhumateng para
rawuh (tamu undangan), saha kalajengaken atur panuwun dhumateng Gusti ingkang
akarya Jagad.
3. Isi Sesorah, inggih punika sadaya prekawis-prekawis ingkang dipun wedharaken.
4. Wigati/dudutan (kesimpulan), inggih punika inti saking isi, ingkang sampun
dipunwedharaken.
5. Pangajeng-ajeng, inggih punika pitedah-pitedah saha pangajeng-ajeng ingkang dipun
wedharaken dhumateng para pamiyarso ingkang midhangetaken.
6. Wusana (panutup), inggih punika atur panuwun, saha panyuwunan pangapunten bok
bilih wonten kekirangan tuwin kalepatan anggenipun ngaturaken Sesorah.
7. Salam Panutup, inggih punika uluk salam kangge mungkasi atur Sesorah.

Pacelathon

MODUL BAHASA JAWA SMA
NULIS PACELATHON

I . Pendahuluan
a. Deskripsi
Modul Nulis Pacelathon yaiku modul kang ngrembag babagan carane nulis pacelathon. Modul iki dikarepake bisa mbantu guru lan siswa kanggo nyiptakake KBM kang lancar.
b. Prasarat
Modul iki kanggo siswa kelas XI
c. Petunjuk Penggunaan Modul
Dibaca dan dipahaami dengan sebaik-baiknya
d. Standar Kompetensi :
- Bisa nulis teks sambutan upacara adat, nyalin teks saka aksara latin dadi aksara Jawa, lan bisa nulis wacan kabudayan Jawa.
Kompetensi Dasar :
- Nulis Pacelathon.
e. Indikator :
- Nulis Pacelathon

II. Kegiatan Belajar
1. Tujuan Kegiatan Pembelajaran
 Nulis pacelathon
2. Uraian Materi lan Contoh
Manawa nalika nindakake pacelathon sing wigati kudu mawas empan, papan, lan panggonan. Lire kudu nggatekake sapa sing diajak guneman, ana ing kahanan sing kepriye, la nana ing ngendi papane. Semono uga menawa nulis pacelathon uga kudu nggatekake paraga sing bakal dicritakake, amrih bisa ngetrepake basa kanthi ttrep lan jumbuh karo unggah-ungguhing basa.
Amrih apike, menawa nggawe pacelathon para siswa kudu nggatekake panganggone ukara, yaiku ukara crita, ukara pakon, ukara pitakon, ukara sambawa lan ukara sananta. Jlentrehan ing ngisor iki.
1. Ukara Crita
Ukara crita (kalimat berita) yaiku ukara kang isine nyritakake utawa ngandharake sawijing bab utawa kadadeyan marang wong liya. Tuladhane kaya ing ngisor iki.
a) Saben wulan Mulud ing Ngayogyakarta lan Surakarta mesthi ana Sekaten.
b) Rikala aku ngepit mau, ing protelon tugu Pahlawan ana uwong ketabrak mobil.
c) Ahad esuk aku lan bapak arep menyang Jakarta kanggo golek sepatu.
2. Ukara Pakon
Ukara pakon (kalimat perintah) utawa imperative yaiku ukara kang surasane awujud pakon utawa prentah marang wong liya supaya nindakake sawijining bab utawa pakaryan kaya kang dikarrepake sing ngongkon. Wujude ukara pakon iku warna-warna, kaya ing ngisor iki.
a) Ukara Pakon Lumrah
Tuladha
 Ndang ombenen!
 Awas sing ngati-ati!
 Wis enggal garapen!
b) Ukara Pakon Pamenging
Tuladha
 Kowe ora kena dolan yen during sinau!
 Aja rame-rame simbah lagi sare!
 Aja mangan ing ngarep lawang!
c) Ukara Pakon Pangajak
Tuladha
 Awake dhewek saiki leren dhisik!
 Ayo padha mampir ana omahku dhisik!
 Sadurunge kawiwitan ayo padha donga dhisik!


d) Ukara Pakon Panantang
Tuladha
 Antemen yen pancen kowe wani!
 Maraa rene yen nyata wani aku!
 Gage balangen yen njaluk tak pothes tanganmu!
e) Ukara Pakon Paminta
Tuladha
 Mbok kowe mengko dolan omahku!
 Dhik, tulung cendhelane ditutup bae!
 Aku dak dolan nyang omahmu, nanging ana disajeni ya!
3. Ukara pitakon
Ukara pitakon utawa kalimat tanya yaiku ukara kang isine awujud pitakonan. Ukara iku racake migunakake tembung pitakon (apa, piye, pripun, kadospundi, sinten, sapa, pira, pinten, ing ngendi, wonten pundi, coba, cobi, kapan, lan kala punapa). Ukara pitakon bisa kapilah-pilah dadi kaya ing ngisor iki.
a. Ukara pitakon lumrah
Tuladha
 Omahmu ing ngendi?
 Saiki wis jam pira?
 Palakrama iku apa tegese?
b. Ukara pitakon kang ora perlu diwangsuli (ukara retoris)
Tuladha
 Kesandhung kuwi apa lara, Yung?
 Sapa sing ora kepingin munggah ing kelas iki?
 Iki ta daleme Pak Haryoto?
c. Ukara paminta
Tuladha
 Piye yen leren dhisik?
 Saupama kathok iku tak wenehake adhimu piye, nang?
 Kowe mathuk apa ora yen saiki awake dhewe nikah bae?

4. Ukara Sambawa
Ukara Sambawa iku ukara kang isine awujud pangarep-arep, saupama, utawa, sanadyan. Ukara iki racake migunakake tembung-tembung kang kawuwuhi panambang –a utawa -ana.
Tuladha
 Panasa, ya ben clanaku garing.
 Udana ben tanduranku dadi subur.
 Mrenea awit mbiyen kowe ora klakon kapiran.
 Sugiha dhuwit aku rak wis gawe omah.
 Tinangisana nganti mlebu rumah sakit, dheweke ora bakal dadi pacanganmu.
 Ditukoke sepatu anyar, ya ora tau dingo.
5. Ukara Sananta
Ukara sananta yaiku ukara kang isine niyat, karep, utawa sedya. Ananging, kang duwe niyat utawa sedya mau awake dhewe. Mesthi wae ukara iki durung kalakon utawa durung katindakake jalaran isih awujud niyat.
Tuladha
 Sesuk awan aku arep golek degan abang.
 Kareben munggah sekolah, aku kudu sinau sing mempeng.
 Aku arep adus, kowe aja ngajak PSan wae.
 E, dakdolan menyangn daleme eyang.
 Tinimbang nonton tipi tak resik-resik kamar ah!

Coba gatekna tuladha pacelathon ing ngisor iki!
Ibu : Tih, kancamu sing dolan mrene mau sapa?
Ratih : Kanca ingkang pundi ta, Bu?
Ibu : Bocah lanang sing nganggo kaos kelekan karo kathok rowal-rawil ijo mau lho?
Ratih : O, punika pacangan kula bu?
Dening
Kleang
 Ing pacelathon dhuwur kacetha paragane yaiku ibu lan ratih kang dadi anake. Mesti wae Ratih minangka anak kudu micara basa kram alus marang ibune, dene ibune basa ngoko.
3. Latihan Soal
Isenana ceceg-ceceg ing pacelathon ngisor iki!
Ratna : . . . .1
Erna : Aku ya wis nyoba nanging angel banget
Mei : Iya . . . .2, semana uga aku ya wis nyoba.
Beni : Piye ta, . . . 3. serius banget ketoke.
Umi : . . . .4
Lala : Iya iki, Um . . . .5 apa wis rampung?
Ana : Sinau bareng wae ana umahku. Aja lali sing duwe buku pendamping digawa lho ya.
Nani : Aku setuju karo idemu iku!
Wangsulan
1. Tugase kok angel banget ya.
2. Padha.
3. Ana apa iki?
4. Masalah tugas basa Jawa to?
5. Tugas basa Jawamu

4. Rangkuman
Nalika nindakake pacelathon sing wigati kudu mawas empan, papan, lan panggonan. Lire kudu nggatekake sapa sing diajak guneman, ana ing kahanan sing kepriye, la nana ing ngendi papane. Semono uga menawa nulis pacelathon uga kudu nggatekake paraga sing bakal dicritakake, amrih bisa ngetrepake basa kanthi ttrep lan jumbuh karo unggah-ungguhing basa.

Parikan

Parikan salah sijining wujud utawa wernane kasusastraan ana ing kasusastran Jawa. Wujude  padha karo pantun ing kasusastran Indonesia. Ing Baris sepisan minangka cangkriman (capeyan/pitakonan) dene baris kapindho minangka batangane utawa wangsulane.

Tuladhane parikan kang wis digawe saka siswa SMK 2 Kebumen kang mujudake kreativitas siswa SMK kang nyatane pancen "bisa" .....

Parikan karya murid-murid kelas XI TKBB 1
SMK NEGERI 2 KEBUMEN
Dwija: Priyo

1. Ngasah arit nganti landep
Landepe kaya bendho
Dadi murid kudu sing sregep
Supados dadi wong ora bodho

2. Meng pasar nggawa godhong
Ora lali karo lenga
Yen wis dadi wong
Aja lali karo wong tua

3. Maem gulali karo terasi
Nek wis janji ampun mblenjani

4. Pitik walik saba karangan
Aja lali tuku terasi
Nek rika lagi mangan
Aja lali bagi-bagi

5. Mbah Surip adol piring
Yen urip kudu eling

6. Esuk-esuk menyang sawah
Panen kacang ing mangsa ketiga
Apa ora ana sing pada bungah
Yen anake wis pada kerja

7. Nyabut paku nganggo tang
Pakune ana wit gedhang
Wakil rakyat do utang
Rakyatipun kang nyarutang

8. Wengi-wengi meng langgar
Ora lali nganggo kupluk
Yen padha meng pasar
Mesti padha tuku krupuk

9. Yen kembang, kembange kacang
Nanging dudu kembang puspa
Isih cilik di kudang-kudang
Barang gedhe dadi rekasa

10. Lunga meng pasar tuku ciri
Aja lali uga tuku mrica
Dadi wong aja nduweni rasa iri
Kaben ora di sengit kanca-kanca

11. Wayah sonten jerene meng mekah
Mboten wonten wong kere amarga sedekah

12. Gawe jangan ora enak
Yen ora enak aja mbok tuku
Yen njenegan sampun kepenak
Aja lali marang aku

13. Mangkat sekolah numpak pit
Ora lali maca donga
Dadi wong ajah pelit
Yen pengin akeh kanca

14. Ana kebbo mangan saleh
Salehe campur sega
Dadio wong kang sholeh
Yen koe pengin mlebu surga

15. Pit-pitan meng Surabaya
Lungane kalian kanca
Yen arep lunga
Pamit riyin marang wong tua

16. Pelangi wernane pitu
Onta ing kandang ana lima
Yen garep ngapa-ngapa iku
Ajah kelalen maca donga

17. Tuku gula jawa setangkep
Tukune nang Surabaya
Dadi bocah kudu sregep
Lan manut marang wong tua

18. Ana semut ana gula
Ana dandang ana panci
Dadi wong ajah ndresula
Tapi dadi wong kudu pangerti

19. Tuku ciu karo Bu Megawati
Di ombe bareng nang kantor DPU
Akeh maling pada nganggo dasi
Amargi hukum bisa di tuku

20. Maem sega kucing entek siji
Ajah lali numbasaken nggo Pak Priyo
Dadi bocah ajah seneng ingkar janji
Kaben ngesuk tua uripe mulyo

21. Nyawang-nyawang wit gedhang
Ajah lali mampir tuku srabi
Dadi wong ajah sok gemampang
Yen awake dhewek ra bisa ngajeni

22. Tuku gethuk karo nangka
Di pangan bareng karo Titi
Yen emang pengin urip mulya
Kudu gelem priyatin awit saiki

23. Mangan tempe karo Bambang
Ngombene bareng karo Titi
Sapa wong gelem sembahyang
Bakal mulya urip bar mati

24. Mangan timun nang ngarep gua
Akeh ngalamun ra ana guna

25. Nyirami kembangan nganti teles kebes
Ajah lali di kei pupuk barang
Yen atine lagi stres
Ya ojo lali sembahyang

26. Tesih esuk maem gethuk
Di wei nang bakul dandhang
Tesih esuk padha ngantuk
Amargi wengi padha begadang

27. Malem minggu lunga ngapel
Ajah lali nggawa kopi
Mbesok ujian tambah angel
Mula sinau ajah nganti lali

28. Sore-sore ketemu Tatang
Ketemune nang ngisor wit jambu
Daripada ngombe chongyhang
Mendingan ngombe jamu

29. Esuk-esuk menyang pasar pagi
Tuku gethuk lan tuku sate
Yen ngesuk aku lali
Tulung di elingake

30. Latar reget yo di saponi
Supaya resik men katon rapi
Ojo mung mikir pangkat lan kursi
Terus lali sholat lan ngaji

31. Mlaku-mlaku nang pasar minggu
Ajah lali tuku klambi
Menawi rika lagi nunggu guru
Ajah bosen-bosen kanggo ngenteni

32. Tuku angkring nang prapatan
Yen kelingan aweha pituturan

33. Esuk-esuk tuku roti
Ajah lali karo dosen
Yen koe ngesuk mati
Mbok yao tobat kit gemiyen

34. Meng pasar tuku kado
Nang pasar muter-muter
Yen koe tesih krasa bodo
Dadi bocah ajah sok keminter

35. Ngombe susu
Maem sega
Dadi wong ajah nesu
Nek pengin dadi menungsa

geguritanku

Gurit Kangen Ku

Ing kene
Ing kene aku esih urip
nyawang padhange lintang kang sumubyar
padhang ing angga
sawangan kang arang saiki bisa sinawang
nadyan ing ketiga
udan tansah pating tumetes
parine padha ambrug
panene rada kurang merga udan kang tanpa kandheg
ya kaya mangkene rasane atiku
kang kangen marang sliramu lintang
kangen endahing maneka esemu
kangen merdune swaramu
merga aku lan kowe esih ngenteni
kapan tumeka dina kang suci
ngiket tetalining janji