Minggu, 03 April 2011

Babagan sesorah

Pangertosan Sesorah
Sesorah utawi Pidato saged ugi sinebat Tanggap Wacana. Dene werdinipun Sesorah, inggih
punika ngendika wonten sangajengipun tiyang kathah. Langkung gamblangipun wedharipun
pangandikan kasebat, anggadhahi ancas utawi tujuan ingkang gumathok.
Dene ingkang dipun wastani tiyang kathah, inggih punika boten wonten watesipun, inggih
kinten-kinten langkung saking sedasa tiyang.
Ancasipun Sesorah saged kaperang dados tiga, inggih punika :
1. Kagem nyaosi pangertosan dhumateng tiyang sanes.
2. Kagem nyaosi karemenan/panglipur dhumateng ingkang kepareng midhangetaken.
3. Kagem mempengaruhi pamanggih utawi pendirian ingkang sami mirengaken,
supados kersa tumindak ingkang dipun suwun dening pamedhar pangandika.
Bilih Sesorah punika kagem nyaosi pangertosan dhumateng tiyang ingkang midhangetaken,
pramila tanggapan saking pamiyarso ingkang dipunkajengaken, inggih punika bilih para pamiyarso
saged mangertosi punapa ingkang dipunandharaken dening pamedhar pangandika.
Bilih Sesorah punika kagem nyaosi karemenan/panglipur dhumateng tiyang ingkang
midhangetaken, pramila tanggapan saking pamiyarso ingkang dipunkajengaken, inggih punika bilih
para pamiyarso saged rumaos rena ing penggalih.
Bilih Sesorah punika kagem mempengaruhi pamanggih utawi pendirian dhumateng tiyang
ingkangmidhangetaken, pramila tanggapan saking para pamiyarso ingkang dipunkajengaken, inggih
punika bilih kapitadosan para pamiyarso dhumateng punapa ingkang sampun dipunjlentrehaken
dening pamicara, kanthi tulus saha ikhlas, para pamiyarso kersa nindhakaken punapa ingkang
sampun dipunngedikakaken dening pamedhar pangandikan.
Pancawisan Sesorah
Sanadyan kados pundi rantaman adicara Sesorah ingkang sampun dipuncawisaken, tamtu
taksih kathah tithalipun saha kekiranganipun. Bok bilih, ingkang midhangetaken dereng saged nampi
babaran saking rantaman Sesorah punika.Ing salebetipun Sesorah, pananggap wacana badhe
pikantuk sambetan ingkang sae, manawi piyambakipun saged nglumantaraken Sesorah kanthi
wacana ingkang sae ugi.
Awit saking punika, kedhah dipun gatosaken prekawis-prekawis ingkang kirang mranani
penggalihipun para pamiyarso ingkang sami midhangetaken.
Sikep sarira ingkang kirang mranani antawispun :
1. Jumeneng kanthi lelambaran suku setunggal.
2. Jumeneng kanthi suku ingkang sakalangkung rapet.
3. Jumeneng kanthi suku ingkang sakalangkung megar.
4. Jumeneng kanthi loyo utawi boten wonten semangat.
5. Jumeneng jonjing utawi kurang imbang.
6. Jumeneng kanthi lelendhen papan wicara (mimbar).
7. Sekedhap-sekedhap ngewah-ewah sarira (badan).
8. Jumeneng boten kanthi kapitadosan ingkang gumathok (kirang percaya diri).
9. Jumeneng Kaku.
10. Jumeneng boten nggatosaken papan panggenan.
Ewah-ewahaning pasuryan ingkang boten mranani antawisipun :
1. Gumujeng ingkang dipun damel-damel.
2. Asring mesam-mesem.
3. Polatanipun mbesengut.
4. Tansah tumungkul.
5. Gugup.
Ewah-ewahaning sarira ingkang boten mranani antawisipun :
1. Asring ngebahaken satunggaling perangan sarira.
2. Ngebahaken salah satunggaling perangan sarira kanthi tidha-tidha (tiba-tiba).
3. Ngebahaken perangan sarira ingkang boten trep, kaliyan ingkang dipun
ngendikakaken.
4. Asring kukur-kukur utawi asring ngukur salah satunggaling perangan sarira. Asring
mirsani cathetan.
5. Asring ningali nginggil.
6. Nglebetaken asta wonten ing sak clana.
7. Boten migatosaken kawontenan utawi ingkang midhangetaken.
Sasanesipun punika, nalika Sesorah ugi kedah dipungatosaken prekawis-prekawis ingkang
kados ing ngandhap punika :
1. Sora lan botenipun suwanten.
2. Iramaning suwanten.
3. Rancaking pamicara ingkang laras kaliyan tandhaning anta wecana (tanda baca).
4. Swasananing suwanten ingkang laras kaliyan kawontenan.
Rantaman/Cengkorongan Sesorah
Ing salebeting Sesorah, kedah kamomot prekawis-prekawis ingkang sampun karantam kanthi
urut-urutan kados ing nggandhap punika :
1. Salam pambuka.
2. Purwaka basa (pambuka).
3. Isi Sesorah (Pidato).
4. Wigati/dudutan (kesimpulan).
5. Pangajeng-ajeng.
6. Wusana (panutup).
7. Salam panutup.
Jangkepipun kados makaten :
1. Salam pambuka, inggih punika ngaturaken uluk salam dhumateng para rawuh,
tumunten kalajengaken nyebat asmanipun para rawuh.
2. Purwaka (pambuka), inggih punika atur panuwun (matur nuwun) dhumateng para
rawuh (tamu undangan), saha kalajengaken atur panuwun dhumateng Gusti ingkang
akarya Jagad.
3. Isi Sesorah, inggih punika sadaya prekawis-prekawis ingkang dipun wedharaken.
4. Wigati/dudutan (kesimpulan), inggih punika inti saking isi, ingkang sampun
dipunwedharaken.
5. Pangajeng-ajeng, inggih punika pitedah-pitedah saha pangajeng-ajeng ingkang dipun
wedharaken dhumateng para pamiyarso ingkang midhangetaken.
6. Wusana (panutup), inggih punika atur panuwun, saha panyuwunan pangapunten bok
bilih wonten kekirangan tuwin kalepatan anggenipun ngaturaken Sesorah.
7. Salam Panutup, inggih punika uluk salam kangge mungkasi atur Sesorah.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar