Sabtu, 16 April 2011

jaka sangkrib saiki dadi bagong ana kebejen

Sangkrib Jakane Kebumen

Petheng. Panyawang kang katon ana ing njerone kedhaton. Ora ana sawangan liya kang katon. Among trenyuh amarga kang putra sinuwun, ya putrane nagara ora urip kang lumrah. Amarga lahire jabang bayi nagara kuwi kanthi nggawa penyakit kang ngisin-isini. Gudig, penyakit kulit kang katon banget ana ing mripat sapa kang meruhi.
Sapa kang ora isin, menawa putrane raja gudigen. Pramila saka kuwi bocah mau diusir kanthi alus, dititipake marang kadhange kang adoh saka kutho. Jabang bayi kang durung ngerti sapa wong tuwane kuwi di titipake karo adhine kang pancen luwih seneng urip ing dhusun.
Ana kana, bocahe mau dirawat kanthi gemati. Sanadyan dudu anake, nanging merga during duweni anak pramila bocah mau wis dadi kaya anake dhewe. Dene bocah mau diparingi asma Joko Sangkrib. Dene saka kanca-kancane kang meruhi penyakite mila enthuk paraban Joko Gudig.
Pancen seje. Joko gudig mau kuwi, sanadyan penyakite kang njijihi ananging merga tlaten lan ulet ndadekake kapinterane. Ngilmu kanuragan kang diwarahi saka pamane kabeh cepet anggone narima. Kabeh ngelmune pamane bias dikuwasani. Kang mujudake dene elek rupane pancen kabeh mesti ana linuwihe.
Saya dina, saya tambah umure. Lan sansaya dewasa Si Joko Gudig. Samsaya mikir lan gede anggone nduweni isin. Amarga saka kanca-kancane pada jijik merga kulite kang pancen nggilani. Kulite kang samsaya dina ora tambah mari ananging sansaya rusak. Amerga penyakit kang wis kagawa saka lair kuwi.
Ana ing sawijining dina Joko nduweni pamikir kepengen golek tamba kanggo penyakite mau. Joko lunga saka umahe sakwise nyuwun pangestu marang wong tuwa angkate. Joko lunga menyang pinggere pesisir segara kidul. Dheweke nglakoni tapa ana ing kono. Ana ing sakjroning tapane dheweke ketemu karo pawongan tuwa kang ngandhakake menawa tamba kanggo penyakite mau kanthi tapa pitung dina ing sakjroning wetheng mahesa utawa kebo. Dene kebo kang kamaksudake dudu kebo kang kaya lumrahe. Ananging kebo bule (albino) kang ndhuweni kulit putih kaya wong bule. Sakwise kuwi terus adus ana ing sendang Beji. Kang ora bakal adoh saka tapane mau.
Tenan sakwise keprungu swara mau banjur lumaku menyang papan kang wis dikandhakake. Mlebu Jaka menyang wethenge kebo mau. Sakwise kuwi banjur nyemplung menyang Sumur beji mau. Lan pancen kang jenenge penyakit kuwi mesti ana tambane. Ora let suwi penyakit mau bisa ilang kanthi laku kang di lakoni kanthi krenteg ati kang gede. Sakwise mentas Jaka terus menehi jeneng papan panggonan mau kang pancen wis dadi tambane. Sendang kuwi dijenengi Sendang Beji utawa sendang arum, amarga ana ing ngisore wit gede kembang kanthil. Nganti saiki desa kang ana sendang mau jenenge desa Kebejen kang saka asale saka Beji. Dene sendang ma uterus wae dianggep minangka sumur kang sacral. Kang bias dadi lantaran kanggo tamba sakwernane penyakit kulit. Ora sithik wong kang teka lan ziarah ana ing desa kuwi. Malah ana kang ngususake teka kanggo ngobati penyakit gatel-gatele utawa gudige.
Sakwise mari, Joko kang wis dadi pemuda kang gagah tanpa ndhuweni penyakit terus mlaku maneh mider jagad srawung marang liyan. Joko kang mentas semedi nerusake lakune kang pncen during tinemu kekarepane. Dheweke ndhurung rampung anggone semedi. Lakune menyang kulon, sakdawane pesisir kidul. Sanadyan ombak kang gede teka dheweke tetep wae mlaku. Lakune ora kandheg sanadyan panas nalika awan, adem nalika udan utawa, petheng nalika wengi teka.
Sakwise pirang-pirang dina olehe mlaku, teka ana ing sakwijining desa kang ana pesisir kidul kulon kutho. Desa kang wujude karang. Ana ing desa kuwi ana salah sijining Ratu demit kang sekti mandra guna. Pegaweyane seneng gawe rusuhe para warga desa. Saben surup, ana ing desa kono ora ana kang wani metu merga menawa ana kang wani metu bakal kaganggu marang Sang Wora Wari retune demit kono. Wora-wari sejatine salah sijine punggawane Nyi Roro Kidul kang wani mbalelo tumrape Ratune. Dheweke senenge gawe sesate para manungsa. Amerga Ratu Kidul ora gelem jenenge dadi elek mula Wora Wari diusir saka njerone istana kidul. Ananging Sang Wora Wari nyuwun, menawa dheweke arep ngadegake nagara ana ing cedhake pesisir kidul.
Joko Sangkrib kang wetruh kahanan kang kaya manngkono banjur takon marang warga, sejatine ana lakon apa ing desa kono. Amerga desa akang amba lan rame menawa awan bisa sepi kaya kuburan menawa wanci wengi. Pitakone banjur kajawab. Menawa ing wayah wengi Wara Wari Metu lan golek tumbal menawa ana kang metu ing wayah bengi. Krungu cerita kang kaya mangkono Joko sangkrib banjur kepengin aweh pitulung lan uga kepengin mangerteni sejatine sapa Wara Wari kuwi. Dheweke banjur nyuwun pangestu saka lurah kono kang mimpin desa, menawa mengko bengi dheweke kepengin mangerteni sapa sang Wara Wari.
Wayah wis ngancik surup. Sangkrib banjur metu umah mlaku muteri desa. Lakune kebak tekad pengen ketemu karo sing gawe ribeting desa. Sapa sejatine wong kuwi. Tanpa ana rasa wedi ana ing njero atine, lakune gagah kaya macan luwe. Ananging sakjroning laku uga tansah ngati-ati. Amerga dheweke durung mangerti sapa kang bakal tinemu. Lan lelakon apa kang bakal diadepi.
Sakdalan-dalan jebul Jaka dimatake dene Nawang Sih. Salah sijine peri kang urip ana ing kono. Dheweke minangka widadari kang ayu rupane, uga dadi kembange bangsa peri ana ing tlatah kono. Panyawange kebak katresnan amerga kapincut dene Jaka kang pancen wis dadi pemuda kang bagus. Kajaba mangkono, salah bawane kang andhap ashor mratelakake minangka priyayi kang tumindak bener uga bangsawan. Saka kuwi Nawang Sih kasengsem dene Jaka Sangkrib.
Sejatine Nawang Sih uga lagi nandhang kasusahan. Amerga dheweke ditresnani karo salah sijine raksesa kang dadi panguwasane para demit ora liya Raja Wora-wari, ya kang bakal kalawan dene Sangkrib. Amerga Sang Raja kapincut dene rupane Nawang sih kang ayu tanpa cacat. Kajaba mangkono sang Wora-wari uga bisa ngalahake Raja asale ora liya bapake Nawang sih.
Tratap. Atine Sangkrib kang krasa menawa lagi diawasi. Mandeg lakune, nyawang sak kiwa tenenge. Matane tajem nggoleki sapa kang lagi ngematake. Alon keprungu swara nyundang jenenge. Swarane Nawang sih kang kanthi rasa ati-ati manekake ngundhang jeneng wong kang lagi dimatake.
Karo keprungune swara kuwi katon Kenya kang ayu ana ing panyawange Sangkrib. Rambute kang ngandan-andan kanthi busana sarwa endah. Kaget. Rasane Sangkrib meruhi panyawang kang kaya mangkono. Jebul Kenya ayu kang kawit mau ngematake lakune. Swarane kang alus metu saka lambene Kenya ayu kuwi. Dheweke terus ngenalake sapa sejatine lan kaperluane menawa bakal njaluk pitulungan amerga dheweke lagi kena ganggu dene Wora-wari.
Sangkrib kang krungu swara kuwi uga mangsuli lan ngenalake. Lan dheweke uga saguh aweh pitulung amarga uga Wora-wari wis gawe ribet karo liyane. Kajaba saka kuwi uga ngutarakake menawa dheweke kasengsem karo Nawang Sih. Amerga saka rupane kang ayu kang ndadekake sapa kang nyawang bakal tuwuh rasa tresna marang kenyaiki. Saka rasa tresna kang tuwuh Sangkrib uga njaluk menawa bisa musnahake Wora-wari, kapengen ndadekake dheweke dadi sisihane.
Panjaluke uga dituruti dene Nawang Sih. Amerga saka mulane Nawang Sih uga wis kasengsem dene Sangkrib. Lan kanggo nglawan Wora-wari Sangkrib diwenehi ngerti menawa wadine Sang Ratu yaiku cemeti kang dununge ana ing sakjrone gunung karang. Lan kanggo njupuk cemeti kuwi kudu kanthi tapa telung dina. Sakwise Kenya kuwi terus lunga tanpa pamit marang Sangkrib.
Jaka Sangkrib kang krungu lan wis mangerti wadine kang bakal kaadepi tumuju menyang gunung kang kamaksud kuwi. Nalika tekan ana perenge gunung kang jebul cedhak ana pesisir kuwi Sangkrib tapa pendem. Tapane dipendem awake among katon gulu lan sirahe. Kaya adate wong tapa Sangkrib among meneng lan memuji dhateng Gusti Kang Murbeng jagad supaya bisa pikantuk pitulungan.
Telung dina wis kaliwatan. Sangkrib kang lagi tapa ana ing pereng gunung karang kang bolong katekanan Sang Ratu kidul. Kanjenga Ratu mangerti apa kang dadi karep saka Sangkrib. Durung Sangkrib aweh panjaluk ananging Sang ratu wis aweh pusaka kang pancen digoleki. Pusaka kang awujud cemeti iku terus digawa marani raja Wora-Wari.
Sakwise tekan ana ing ngarepe pendapa kedhaton, sangkrib uluk salam menawa arep sowan marang sang nata. Kapapag para penjaga Sangkrib kagawa ngadep dene Sang Nata. Penjaga aweh atur marang Sang nata menawa ana pemuda kang arep ngandegake laune.
Sang Nata nrima lan takon apa kang dadi perkara dadi sowane. Sangkrib wangsulan menawa dheweke kapengin ngandegake lakone Sang Nata kang seneng gawe kisruh. Sangkrib arep nyoba kasektene, lan menawa bisa menang dheweke mung njaluk dikandhegake lakune Sang Nata. Merga kang katindakake mung ngrusak katentremane liyan.
Sang nata mireng, duka. Keprungu tantangane, mudhun terus nyanggupi panyuwunane. Amarga pancen Sang Nata sakti mandra guna. Wong loro metu menyang glanggang. Dadi perang kang rame. Pada-pada sektine. Pada ngetokake kasektene. Dadi gonjang-ganjinge tlatah kono. Saben ngetokake ngelmune, ana swara gludug kang metu.
Sakwise pada ngetokake ngelmune lan pada katon kesele, Sangkrib kang wis nggawa pusaka kang dadi wadine migunakake pusaka kuwi. Sang Wora-Wari kang weruh pusaka kuwi kaget campur wedi. Sangkrib ora tanpa pikir maneh migunakake cemeti kuwi. Cemetine dienggo ngantem Sang Nata lan kelaran dheweke. Sang nata kalah ing glanggang. Lan ngakoni kekalahene, mila dheweke terus ngabdi marang Sangkrib lan ora bakal nerusake lelakone kang gawe rekasane liyan.
Sangkrib kang kasil ngalahake Wora-Wari bali menyang desa. Ana ing dalan Sangkrib katemu Nawang Sih lan nagih janji arep karma karo Nawang Sih. Leloron karma nganti tekane pati. Sangkrib kang dai garwane nduwe anak pitu. Dene Jaka Sangkrib kang bisa kasil ngalahake panguasa munggah dadi ratu ana ing tlatah kono.
b_@gong ‘05

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar