Rabu, 20 April 2011

modul basa jawa kelas 1.

BAHAN AJAR

KELAS X SEMESTER 1












SMA NEGERI 8 SEMARANG
2007/2008









PIWULANG 1
PRASTAWA

KOMPETENSI DASAR : 1.Ngrungokake wara-wara
2. Wicara
3. Maca Cepet
4. Nulis Wacan Narasi Budaya Jawa

1. Ngrungokake (Mendengarkan)
Semaken tuladha wara-wara iki !
WARA-WARA
Wara-wara iki katujukake kanggo para siswa anyar kelas X. Kabeh siswa anyar kelas X supaya ngumpul ing :
Dina : Rabu
Tanggal : 20 Juni 2007
Wanci : jam 10.00
Panggonan : ing kelase dhewe-dhewe
Keperluan : ngrembuk bab pranatan kelas anyar
Wara-wara iki penting banget, mula kanggo para siswa anyar kelas X prayogane kabeh bae bisa nekani patemon iku.
Semarang. 18 Juli 2010
Kepala SMA KI THERESIANA
Wakasek Bagian Kurikulum

Dra. Priyanti Isnaini
NIP.

Ajang Gladhen
Wangsulana pitakon ing ngisor iki !
1. Wara-wara iku katujukake kanggo sapa ?
2. Apa isine wara-wara kasebut ?
3. Geneya kelas X anyar dianakake perlu ngrembug bab pranatan anyar ?
4. Menawa kowe dadi siswa sing dituju ing wara-wara kasebut, apa sing kotindakake ?
5. Gawea wara-wara lelayu bab keghiyatan utawa sapanunggalane kanthi tema bebas. Papan, wektu, lan keperluan karangen dhewe !

Tugas Pribadi
Klumpukna koran utawa majalah sing ngemot wara-wara apa bae, bisa sing basane dudu basa Jawa. Banjur tulisen ana ing kolom ngisor iki nganggo basa Jawa !

No Isine wara-wara Sumber Tanggal Sing Dituju
1.
2.
3.
4.
5.
2. Wasis Basa (Berbicara) : Nyritakake Pengalaman
Dinten Setunggal ...
Tulisanipun: Nauval!; 10 June 2005

Dina pertama ae wis ono 3 tulisan, dadi ono 'beban mental' nek sing wis didapuk dadi kontributor kudu rajin nulis. hehehehe ...
padahal aku dhewe wis suwi tenan ora nulis sing jenenge karangan nganggo boso jowo, terakhir yo pas kelas 2 smp.

dadi ndhek sekolahku mbiyen, pelajaran bahasa daerah iku mung sampe kelas 2 smp, soale kelas 3 kan wis persiapan EBTANAS,nah pelajaran-pelajaran sing ora di-Ebtanas-ke yo ora diajarno maneh.
wah, lego tenan! maklum ae, bijiku gawe pelajaran bahasa jawa ora tau luwih soko 7, iku ae wis katrol-an, heheheheh...

masio ibu ku iku lair lan gede ndhek solo, ning ngomong karo putra putrine yo nganggo bahasa indonesia.
boso jowo mung aku gawe nek ketemu konco-konco, yo ketepak'an ae aku kerep dolan, dadi isih keasah terus teko' te-ka sampe kuliah.

tapi yo iku, jarang banget ngomong kromo inggil, yen kepaksa ae. misale:

(mesen tahu tek-tek):
- "pak, mboten ngangge tigan, tahu nipun katah sekithik"
- "nggih, mas. pedes mas?"
- "cukupan"
- "bungkus?"
- "dhahar mriki"
- "lho aku wis arep tutup e, mas"
- "lha ngono koq yo ngelayani"
- "lho, sampeyan nantang iki?"
- "sopo sing jirih?"
- "ayo!"
- "sik yo!"
lho koq bablas?! hihihihihi ...
(riyadi-nan)
- "waduh, putranipun sing saking malang iki wis gedhe yo. kelas piro?"
- "kelas setunggal"
- "wah pinter-e, sma pundi?"
- "sma setunggal" (untung!)
- "sma favorit tho?"
- "nggih, nanging kebetulan wae, budhe"
- "wah .. kebetulan ... bla bla bla bla"



Ajang Gladhen
Wacanen crita ing dhuwur banjur golekana tembung-tembung kang panulisane ora trep lan benerna kepriye sing bener!

KAPSUL UNDUR-UNDUR
Dhek jaman kawuri yen ana bocah duwe panyuwun ora kena disadoni, kanggo ngendhoni kekarepane diombeni banyu wedang sing wis dicampur gecekan undur-undur. Lha sing takaturke iki uga ana gandheng cenenge karo kewn sing mlakune mundur kuwi.
Jurukunci Desa Gilang asmane Mbah Suro. Wis rong wulanan anggone gerah asam urat, sakjane anggone golek tamba wis ora kurang-kurang. Menyang dhokter pirang-pirang durung ana sing jodho. Apa ujare wong mesthi digoleki lan dicoba. Sapa ngerti lantaran kuwi gerahe bisa mari. Saking judhege nganti mertamba dhukun barang, ning malah ora bisa mlaku.
Sawijining dina daleme Mbah Sura karawuhan mahasiswi saka Malang asma Mbak Fitri, sing lagi golek bahan skripsi sing ana hubungane karo udan. Bareng weruh Mbah Sura gerah asam urat, mahasiswi jurusan biologi iki matur,”Menawi kersa benjing kula padosaken kapsul asam urat saking sinshe wonten Malang, Mbah ...”
”Jelas gelem banget. Malah yen mengko aku bisa waras lantaran kapsul kuwi, aku janji nularke ilmu kanggo nyisihake udan marang kowe, Ndhuk,” wangsulane.
Let seminggu Mbak Fitri mrana maneh nggawa kapsul asam urat. Merga regane larang, dening Mbak Fitri mung digawake siji. Sabanjure kapsul dicaosake. ”Niki Mbah, kapsulipun!”
Merga penasaran, sadurunge diuntal kapsul kang regane Rp.70.000 mau dibukak dhisik dening Mbah Suro. E ee..jebul isine kewan undur-undur sing wis mati.
Dina candhake awake krasa luwih kepenak. Kanggo nerusake pengobatan Mbah Suro ora perlu ndadak mundhut kapsul undur-undur menyang Malang. Saben dina kari golek undur-undur siji banjur diuntal nganggo gedhang. Nyatane bisa waras tenan. Mulane dhek Suran wingi ngajatne slametan neng prapatan Desa Gilang.
Jaya Baya 31 / April 2005

Ajang Gladhen
Golekana crita pengalaman pribadi saka majalah, koran, utawa crita saka kancamu banjur tulisen ing papan ngisor iki !
No Kahanan/Rasane Kedadean Sumber Keterangan
1.
2.
3.
4.
5.
6. Lucu
Nrenyuhake
Nyenengake
Njengkelake
Ngisin-isini
Ngapokake Ngombe undur-undur Pribadi Crita nyata

Tugas Pribadi
Critakna pengalamanmu dhewe nganti dina iki ora bisa kolalekake ! Critane tulisane ana buku utawa lembaran folio. Gawenen kaya karangan runtut. Karangan mau critakna ana ngarep kelas tanpa naskah. Kanca liyane nyatheti tembung-tembung sing dudu basa Jawa kang diucapake kancamu.

Tuladha
No Arane Tembung Kang Durung Bener Katrangan
1. 2. 3. 4. 5. Arif Dimintai, kembalian, lan sapanunggalane
Critane ora lancar, swarane lirih

3. Maca Cepet (Skimming)
Carane maca cepet ora mung angger rampung. Ukarane dietung saben menit bisa maca pirang tembung. Para pinter, gawe dudutan urutan maca cepet (nanging sing diwaca basa Indonesia dudu basa Jawa) tumrap siswa mangkene.
• Siswa SD/SMP kudune 200 tembung saben menit.
• Siswa SMA kudune 250 tembung saben menit
• Mahasiswa kudune 325 tembung saben menit
• Pasca Sarjana kudune 400 tembung saben menit
Cobo yen basa Jawa kowe bisa pirang tembung saben menite ? Etungen kanthi rumus :
KM= J Katrangan : KM : Cepete Maca
WM J: Tembung sing kewaca
WM : Wektune sing dibutuhake maca

Ing ngisor iki cara-cara kanggo maca cepet :
1. Saben maca ora saben tembung, nanging sakelompok tembung.
2. Aja mbolan-mbaleni tembung utawa ukara sing wis diwaca
3. Aja kesuen mandheg sangarepe ukara
4. Ora digagas tembung-tembung kayata : ing, saka, marang, lan sapanunggalane
5. Tanpa ngetokake swara saka cangkem (lambene ora obah)
6. Ora gedhag-gedheg sirahe ngetutake dawane ukara
7. Pandelenge mripat ndhisiki tinimbang kedaling lambe
8. Tembung sing angel / basa manca ditinggal dhisik
9. Golekana kuncine tembung ing sajrining ukara








Kanggo ngukur sepira cepete maca, wacan iki nuli diwaca dietung wektune.
Kluwung
Tulisanipun: siberia; 26 June 2005
Kluwung iku miturut basane ndesoku. Nek basa Indonesiane jarene pelangi, nek pengen rada nyastra sithik bianglala. Wong londo nyebut rainbow. Miturut londo jepang: niji.


Jarene embuh sopo, sing sering tak temoni nang buku, cerkak, tulisan utowo artikel, nang salah sijine ujung kluwung iku ono harta karune...opo iyo?..hehe

Wis suwi aku ora weruh kluwung, masiyo saiki lagi mangsa rendeng. Aku wis tau weruh kluwung gedhe banget, amargo persis nang ngarep jendelo kamarku. Salah siji ujunge tibo nang gedung perkantoran ora adoh soko apartemenku. Lumayan suwe, sayang wektu semono durung duwe kamera digital. Dadi yo mung di pandengi thok...di simpen wae nang memori otak.

Photo kluwung iki, aku nemoni ora sengojo pas lagi klinong-klinong nang pinggir laut Kinko Bay, Kagoshima. Aku lali kapan, ketoke wis setahun kepungkur.

Nek weruh kluwung ngono, aku kelingan tembange Carpenters sing judule The Rainbow Connection.
Why are there so many songs about rainbows?
and what's on the other side
.......
kosakataku nambah ki
kluwung = pelangi (sak durunge moco aku mikire berhubungan dengan rokok)
klinong-klinong = mlaku-mlaku (bener ora ki?)
Aku yo seneng carpenters, lagu-lagune jan ra ilang-ilang apike neng kupingku (boso jowone evergreen opo yo, embuh)

Lair soko wongtuwo sing asli Jowo, jelas ndadekke aku duwe gelar wong jowo juga. Tapi yo masiyo ngono ora moro2 aku dadi wong jowo sing ngerti budaya jowo lan duwe tindak-tanduk layake wong jowo. Mergo iku ditentokke soko opo sing tak pelajari teko lingkunganku. Aku jane ora lair ning panggonan sing budayane jowo. Lagi pirang taun kemudian keluargaku balik ning kampung halaman, ning kono aku digedhekke dadi wong jowo. Tapi sakjane ngono aku iki ora pati paham karo budaya jowo.



Ajang Gladhen
Wangsulana pitakon-pitakon iki gumathok karo teks ing dhuwur!
1. Sapa kang nganggit crita ing dhuwur?
2. Apa isi crita sing bisa kojupuk saka warta ing dhuwur?
3. Coba benerna tulisan ing dhuwur saben tembunge!

4.Nulis Wacan Narasi Budaya Jawa
Narasi yaiku karangan sing ngandharake lelakon utawa kedadean anut urutan wektu. Budaya Jawa iku sakabehing pangurupan manungsa Jawa, kalebu Tradhisi nyadran. Ing ngisor iki tuladha karangan sing bentuke narasi.

BARIS MUBENG NGGAWA KARUK GIMBAL
Dina jum’at Paing 11 Maret 2005, warga Desa Kepung Wetan lan Kepung Kulon ngleksanakake bersih desa, nyadran ing sumur Duwi. Wiwit jan enem esuk wis akeh sing teka. Wengi sadurunge padha melekan karo manggang ayam kanggo slametan.
Lokasi Sumur Duwi iki jembare watara 50 meter persegi, mapan ning tengah sawah. Swasanane edhum dikebaki wit waringin. Nyadran ngene iki kita tindakake saben taun ing dina Jum’at Paing sasi Sura. Warga samene akehe teka manut krenteging ati tanpa ana sing meksa, kandhane sardi sartono, salah sijine pamong desa. Beya kanggo acara kasebut udakara Rp 2,5 yuta saka sumbangane warga, dhuwit kas desa, lan para donatur.
Manut sejarahe, Sumur Duwi lan Sumur Upas kuwi asil yusane Mbah Onggomerta, abdi kinasihe Sultan Agung saka Mataram. Sawise Sultan Agung seda lan diganti dening Amangkurat, warga Mataram tansah ketir-ketir jalaran raja anyar kuwi tumindak wengis lan ora bisa mbendung Walanda. Tinimbang teluk marang Walanda. Onggomerta dalah abdi setya liyane mencar ninggalake Mataram. Wusana Onggomerta tekan papan sing sisih arupa alas gung liwang-liwung. Njur babad alas, adeg pesanggarahan. Ing tembe papan kasebut sinebut Desa Kepung. Pasanggrahane wis ora sing nyisa, kari sumur iku.
Warga sing melu nyadran wajib nggawa panganan Karuk Gimbal lan Karuk Gringsing karemane Mbah Onggomerta. Karuk Gimbal yakuwi ketan dikum, nujr digangsa nganti kuning. Sawise didheplok lembut, diwenehi parutan klapa nuli dikepeli. Sing tanpa gula tanpa klapa, ora dikepeli senebut Karuk Gringsing. Padatan Karuk Gimbal diseleh ing sadhuwure Karuk Gringsing.
Puncaking acara, iki sing unik. Dipimpim Bu Kades, para ibu baris urut kacang lan alon-alon mubengi karo mbeksa manut iramaning gendhing. Tekan ngarepe para pesindhen sing lungguh ngadhep ember, baka siji ibu-ibu mau nyemplungake dhuwir sedhekah. Asile sedhekah kasebut kanggo dana kagiyatan nyadran taun ngarep.
Jaya Baya 31 / April 2005

Ajang Gladhen
Wangsulana pitakon-pitakon iki gumathok karo teks ing dhuwur!
1. Manut pangertenmu, apa sing diarani kabudayan iku ?
2. Tradisi apa kang ana ing kepung, Kediri iku ?
3. Kanthi tujuan apa warga desa Kepung nganakake tradisi kasebut ?
4. Saben dina apa lan titikane apa nyadran ing desa kasebut ?
5. Kepriye puncaking acara nyadran kasebut, critakna nganggo basamu dhewe !

Tugas Pribadi
Gawea karangan narasi Budaya Jawa, kanthi pilihan babagan :
1. Budi pekerti para mudha ing jaman saiki
2. Mitoni
3. Nganggo busanan beskap (lanang) utawa kebaya (putri)
4. Milih budaya Jawa ing dhaerahe dhewe

PENDADARAN SISWA
I. Pilihen wangsulan a, b, c, d, utawa e sing koanggep bener !
1. Pertempuran lima hari iku kedadeyane ing ngendi ...
a. Surakarta
b. Jogjakarta
c. Semarang
d. Jakarta
e. Surabaya
2. Tuladhane kedadeyan sing gawe guyune wong amarga lucu, yaiku ...
a. turu ijen ing kuburan tengah wengi
b. tiba saka motor
c. nonton dhagelan
d. watuk ing jero kelas karo ngentut nalika ulangan
e. tiwas ndhodhog lawang kolah jebul kepala sekolah sing bukak
3. Samangsa gawe wara-wara sing pokok kudu diterangake yaiku ...
a. asale, panggonane, isine
b. papan, wektu
c. cacahe wong, tujuan
d. kanggo apa, saka sapa, isine
e. isine
4. Yanto maca berita basa Jawa sajrone 4menit bisa ngrampungake 600 tembung. Yen dietung nganggo rumus Yanto wis dianggep ...
a. kalonen
b. kerosan
c. kecepeten
d. padha karo ukuran
e. kurang cepet
5. Nyritakake pengalaman pribadhi urut lekas nganti pungkas paling cocog nganggo paragrap utawa karangan ...
a. deskripsi
b. argumentasi
c. persuasi
d. eksposisi
e. narasi




II. Isenana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang gumathok !
1. Siswa SMA danggep bisa maca cepet, kudu bisa nggayuh ... tembung saben menit
2. Pakulinan masyarakat jawa sing wis mbalung sungsum angel diilangake kaya dene nyadran, diarani ...
3. Tuladha kebudayaan Jawa ing babagan seni yaiku ...
4. Tuladha kebudayaan Jawa ing babagan basa yaiku ...
5. Gawe wara-wara pokok-pokok sing diandharake yaiku isine wara-wara lan ...
6. Nyritakake pengalaman lan kedadeyan wiwit saka tangi turu nganti tekan sekolahan kanthi urutan wektu, kalebu karangan ...
7. Tuladha nindakake maca cepet umpamane kanthi cara ...
8. Tembung-tembung panggandhenge nyritakake lelakon manut urutan kedadeyan, tuladhane ...
9. Wara-wara duweni tujuan ...
10. Pandhawa iku cacahe ana ...
































PIWULANG 2
KABUDAYAN
KOMPETENSI DASAR : 1.Ngrungokake Pawarta
2. Rembugan Ngenani Kabudayan
3. Ngapresiasi Cerkak
4. Ngringkes Buku Teks

1. Ngrungokake (Mendengarkan) : Pawarta
Pawarta sing digiyarake lumantar TV, radio, koran lan sapanunggalane ngandharake kedadeyan sing lagi kelakon.
Sawetara tutupen bukumu, rungokna lan gatekna apa isine pawarta iki !

MERGA KURANG SAJEN, PENANGSANG-E PEDHOT OTOTE
Dheweke nedya luwih ngraketake paseduluran antarane Jawa lan Cina lumantar kegiatan seni budaya Jawa, mligine kethoprak. Tumrap Lien, kethoprak wis ora asing maneh, amarga awit cilik wis kerep nonton kesenian mau. Mula dheweke ya apal karo tokoh-tokoh kethoprak sing cukup kondhang ing wektu semana, kaya dene Basiyo, Cokrodjijo. Murtirin, Suripto, Marsidah, lsp. Pranyata pepenginane Pak Liem disengkuyung dening tangga kiwa-tengene, embuh Cina embuh Jawa, saka sing enom tekan sing tuwa kabeh nggabung ing paguyuban.
Sawise paguyuban mau temen-temen madeg lan mapan, sadurunge pentas sepisanan diwenehi jeneng ”Cipta Manunggal Budaya”, sing mengku teges jero yaiku manunggale wong Jawa lan Cina bebarengan nyengkuyung kabudayaan Jawa. Paguyuban madeg tanggal 19 Februaru 1990. latihan ditindakake kanthi ajeg, sing nglatih anggotane dhewe, yaiku Joko Ari Purnomo kang pancen tokoh kethoprak saka kampung kana. Asring uga ngaturi tokoh-tokoh saka jaba. Saya suwe saya grengseng, undangan pentas saya mbanyu mili, njalari jeneng Cipta Manunggal Budaya saya kumlebet.
Miturut bapak peputra lima iki, ana lakon cacah telu sing kudu disajeni kanthi komplet, yaiku Arya Panangsang, Suminten Edan, lan Angling Darmo. Piyambake diwanti-wanti gurune, aja wani-wani mbabar lakon mau yen tanpa sajen wujud kembang menyang lan ingkung pitik cacah telu. Tau, paguyubane nggelar lakon Arya Panangsang ing Bantul. Liem ya wis njaluk sarat sajen lan disaguhi panitiane. Nalika iku Liem dhewe sing dadi Arya Panangsange. Ing adegan nggebrak meja dadakan piring isi sega salawuhe pecah, belinge nancep ing tangane nuwuhake tatu jero, njalari otote pedhot lan gethihe mblabar5 nenesi awak sakojur.
Bareng ditlusur pranyata sajenr ana sing disuda. Kudune ingkunge cacah telu ning mung diwenehi loro. Bar kedadeyan kuwi Liem luwih ngati-ati, yen ana lakon sing kudu disajeni tansah dicek luwih dhisik supaya aja nemoni apes. Pancen aneh, naning nyatane pancen mangkono. Liem optimis Cipta Manunggal Budaya lestari awit generasi mudhane wiwit gelem latihan lan mlebu dadi anggota.
Sanajan umur 14 taun nanging Cipta Manunggal Budaya wis bola-bali ngrebut juara festival kethoprak tingkat kota dalah tingkat propinsi. Iki sing marai Liemsaya mantep nguri-uri budaya Jawa, mligine seni kethoprak.
Jaya Baya 31 / April 2005


Ajang Gladhen
Sawise ngrungokake pawarta mau nuli wangsulana pitakon-pitakon iki !
1. Diarani kethoprak apa sing dipandhegani Liem Ardianto?
2. Kepriye tujuan digawe kethoprak iku?
3. Miturut panemumu kepriye watake Liem Ardianto?
4. Apa sebabe nalika mangging ana kedadeyan panangsane pedhot?
5. Kepriye sing kudu dilakoni Liem lan sapanunggalane nalika manggung?

Tugas Pribadi
Tindakna manut pakone!
1. Pawarta mau jupuken sarine, tulisen nganggo basamu dhewe!
a..........
b.........
c.........
d.........
e.........
2. Kepriye panemumu manawa Indonesia paseduluran karo Cina kanthi sarana kethoprak?
a. Sarujuk jalaran ...
b. Ora sarujuk jalaran ...

2. Wicara
Tatakrama kang magepokan karo panguripan utawa sesrawungan akeh banget. Salah sijine yaiku wicara utawa guneman.
Pacelathon ing ngisor iki tindakna!
Kongkonan Kanca
Nuri : Kula nuwun, Pak!
Pak Siswa : Lho, kok kowe, Nur! Kapan tekane?
Nuri : Nuwun inggih, nembe kemawon, Pak.
Pak Siswa : Kene.., kene..., kene mlebu! Lungguh dhisik!
Nuri : Inggih Pak, maturnuwun.
Pak Siswa : Katone kok ana prelu wigati?
Nuri : Keparenga matur, Pak. Sowan kula mriki awit kakengken ingkang putra, Narji. Dene wosing gati, kapurih nyuwunaken arta, gunggungipun Rp. 10.000,00 kangge tumbas buku.
Pak Siswa : Aku wis nggraita, Nur. Pancen biyen Narji wis wanti-wanti, manawa ora bisa mulih bakal weling kowe. Apa bener saiki ing sekolahanmu ana tetandhingan volli?
Nuri : Leres, Pak. Awit saking punika, Narji kengkenan kula.
Pak Siswa : Lha kowe kok ora melu?
Nuri : wah, Bapak punika kok ngece, lho. Kula sagedipun punapa?
Pak Siswa : Ya ora ngono, kabeh kuwi yen disinau rak bisa. Sing jenenge ngelmu iku pancen angel yen durung ketemu. Jeneng ngelmu sing ora katon bae bisa disinau, apa maneh ngelu sing kasat mata. Iya, ta?
Nuri : Inggih.
Pak Siswa : Lha priye, kowe bali kapan?
Nuri : Benjing enjing, Pak. Kados adat saben wanci 05.00 WIB saking griya.
Pak Siswa : Yen mangkono, mengko bengi bae aku dakmenyang omahmu, ngiras pantes silaturahmi.
Nuri : O, inggih ..., inggih, Pak. Kados-kados sampun cekap, kaparenga kula nyuwun pamit rumiyin, Pak!
Pak Siswa : Iya, ya, ora liwat mung nyangoni slamet. Aja kapok, ya! Sing rukun bae karo, Narji!
Nuri : inggih, Pak. Pareng..

Gladhen
Gawea pitakon-pitakonan mungguhing pacelathon ing dhuwur, banjur wangsulana pisan!

Tugas Pribadhi
Goleka wacan teks kang isine ngenani kabudayan Jawa, banjur saka wacan mau gawenen pitakonan lan wangsulan sing murih nalar lan bobote !
No Pitakoan Wangsulan
1.
2.
3.
4.
5.

3. Ngapresiasi Cerkak
Apresiasi tegese ngupaya ngamati, mbiji, lan ngaji-aji. Cerkak iku ana sing ngarani cerkak. Cerkak cekakan saka cerita cekak, dene crikak cekakan saka crita cekak. Saiki ayo nyoba maca cerita cekak kanthi tujuan njupuk piwulang becik sajroning crita.

Aku lan Gamelan
Tapi ono budaya jowo sing sempet dadi bagian kegiatanku, yoiku gamelan. Aku sempet dadi pengrawit ning sekolahan. Pas SD, sekolahanku duwe gamelan, aku melu2 belajar carane main. Ning SMP aku juga melu kegiatan nggending. Memang cuma belajaran, nek nganti tampil paling mung mainke gending jowo pas ono acara perpisahan ning sekolah. Tapi pas SMA ora ono gamelane, dadi ora iso nuthuk-nuthuk maneh.

Wayah kuliah, lha kok aku yo mbalik maneh dulinan gamelan, gabung karo unit kegiatan karawitan. Ning kene yo sik belajaran, tapi wis mundak kelase. Tau dadi pengiringe tarian, ngiringi ketoprakan. Terus sing paling nyenengke iku pas ngiringi grup ludruk soko kampusku sing sering manggung ning njobo, mulai soko manggung ning hotel nganti syuting ning stasiun tipi swasta.

Tapi terus terang ae, meski aku cukup akrab karo gamelan, aku durung iso nikmati gending-gending jowo. Tenanan iki. Aku iso nikmati yen aku dadi pengrawite sing main gending jowo iku. Tapi nek dikongkon ngrungokke gending jowo kanti tenanan... aku bakalan blank.

Dadi sakjane aku iki dudu wong sing sueneng banget karo gending jowo nganti bola-bali melu kelompok pengrawit, tapi sing tak senengi iku aku iso dadi bagian soko unen-unen musik sing apik. Iso melu nuthuk-nuthuk salah sijine alat karawitan iku ngikuti irama bareng alat liyane nganti dadi unen-unen gending sing apik iku jan nyenengke tenan lo...

Njawani?
Aku dhewe ra ngerti, opo aku iki cukup njawani. Opo tindak-tandukku sedinane iku iso mewakili tindak-tanduke wong jowo, aku ra ngerti. Sing iso nilai yo wong liyo. Tapi tau ono uwong sing ora nyongko nek aku ini wong jowo, kok ngomonge gak medok?, jare ngono. Lha iyo, aku baru medok nek aku ngomong jowo, nek ngomong boso indonesa yo logate bedo yo..

Tapi aku dhewe ora pati ngreken, opo aku iki isih njawani opo ora. Mungkin mergo aku gedhe ning keluarga lan lingkungan sing ora ndadekke budaya jowo sebagai pedoman sedina-dinane. Keluargaku luwih nganggo aturan agama sing dadi pedoman sedinane.

Sing jelas, aku nek liwat ngarepe wong sing luwih tuwo aku tetep mbungkuk karo tangan mengisor. Njogo unggah ungguh lan sumeh marang tamu. Karo wong tuwo nek arep nuding nganggo jempol. Opo iku to sing diarani "njawani"?...

Ajang Gladhen
Wangsulana pitakon-pitakon iki gumathok karo teks ing dhuwur!
1. Crita cekak mau nggunakake alur crita maju/lurus/ alur mbalik (flashback)?
2. Cerkak iku wose nyritakake apa?
3. Piwulang apa sing bisa dituladha kanggo kowe?
4. Sapa tokoh ing cerkak iku?
5. Gawea isine crita kanthi ringkes nganggo basamu dhewe!
6. Tembung ing dhuwur akeh kang salah coba golekana banjur benerna !

Tugas Pribadi
Goleka Cerita Cekak saka sumber liya, banjur :
1. Tulisen irah-irahan, tema, pengarang, lan sumbere wacan!
2. Tulisen patuladhan-patuladhan tumindak kang bisa ditiru tumrap kabecikan !
3. Gawea ringkesan cerkak iku nganggo basamu kang runtut!
4. Garapen ana kolom ing ngisor iki!
Wangsulan: .......................................................................................................
...........................................................................................................................
...........................................................................................................................
...........................................................................................................................
...........................................................................................................................
...........................................................................................................................
...........................................................................................................................
...........................................................................................................................
...........................................................................................................................
...........................................................................................................................
4. Citra Basa (Menulis) : Ngringkes Bakune Isi Wacana
Ngringkes kanthi nulis sari bacaan lan rumusake topik bacaan!
Wacanen batin teks ing ngisor iki kanthi permati !
PITUTUR LUHUR
AJA DUMEH

Aja dumeh mujudake pitutur luhur warisane para leluhur lan pinisepuh kang ngemu teges supaya jalma manungsa utawa titah sewantah anggone nglakoni penguripane ana ing alam donya ora ngendelake aji mumpung. Dumeh, mujudake kahanan kajiwan kang njalari sawijining pawongan nggunakake kesempatan(aji mumpung) kanggo kepentingane dhewe tanpa ngelingi sak padhane urip. Kesempatan kasebut ing ndhuwur bisa maujud drajat, pangkat, bandha donya, panguwasa, ilmu linuwih, kebagusane rupa lan liyane.
Ing donya Eropa utawa dunia barat uga nduweni sanepa “power tends to corrupt” kang nduweni teges yen kuwasa bisa njalari wong kang nyekel kuwasa kuwi nylewengake kekuwasaane kanggo kepentingane pribadhi lan ngianati marang wong kang ngamanati .
Wong urip mono kudu tansah eling marang kang nitahake urip ing alam donya, kudu tansah mawas marang sangkan paraning dumadi. Seko ngendi bibit kawite urip, ana ngendi saiki dumunung lan papan ngendi kang tembene bakal dituju. Kahanan kang bisa direngkuh ora kena njalari lali marang kodrate minangka kawulane Gusti. Kanthi mengkono sifat aja dumeh bisa njalari wong tansah eling marang asal-usule, sahengga ora nglali yen apa kang diduweni mung minangka titipan utawa amanate kang gawe urip. Sikep ini bisa nyurung supaya manungsa tansah nyukuri peparingane Gusti, kanthi nggunakake peparingane mau kanggo nyengkuyung kewajibane minangka khalifahe Gusti ing alam donya, kang nduweni kewajiban memayu hayuning bawana.
Kahanan urip kang dilakoni manungsa kena digambarake kaya dene cakramanggilingan utawa rodha kreta, kang ana sakperangane rodha sakwijining wektu mapan ing dhuwur nanging ing kala wektu liyane ganti mapan ing ngisor. Urip mujudake ganti gumiliring nasib. Mula saka kuwi nalikane wong lagi nduweni nasib kang apik ora kena gumedhe lan umuk marang sak padha-padha lan nalikane ngalami nasib kang ala uga aja nglokro utawa mutung.
Kadangkala wong urip diparingi kanikmatan kang tanpa kinira. Ana ing kahanan iki pitutur aja dumeh trep banget kanggo diamalake. Wong kudu tansah syukur lan uga kudu loma marang sak padhaning urip, ora kena umuk lan gumedhe nanging kudu tansah bisa sakmadya lan andhap asor.
Ana uga kahanane urip kang lagi diparingi pacoban nganti kadangkala wong sing rumangsa ora kuwat nglakoni kahanan mau nduweni panganggep yen donyane wis kiamat. Ngadepi kahanan mengkene, manungsa kudu tansah pasrah sumarah marang kang gawe urip lan sabar anarima ing pandum. Manungsa kudu nduweni keyakinan yen pacoban mau uga mujudake wujud katresnane Gusti kanggo nggembleng manungsa supaya tatag lan tanggon anggone nglakoni uripe.
Aja dumeh ngajarake manungsa tansah mawas diri lan nduweni keyakinan kang kuat menawa urip ing alam donya iki mung sakwetara mampir ngombe. Kabeh lelakone urip mujudake proses kang ora langgeng lan kabeh bakale dijaluk pertanggungjawabane mbesuk ing alam akherat.
Sifat utawa watak aja dumeh bisa diwedhar kanthi pitutur kayadene:
1.Aja dumeh kuwasa, tumindake daksura lan daksiya marang sakpadha-padha.
2. Aja dumeh pinter, banjur tumindak keblinger.
3. Aja dumeh sugih, banjur tumindak lali marang wong ringkih.
4. Aja dumeh menang, tumindake sak wenang-wenang
5. Aja dumeh bagus, banjur gumagus.
6. Aja dumeh ayu, banjur kemayu, lan sakpiturute.
“Nyawa mung gaduhan, bandha donya mung sampiran”, mengkono pituture para winasis. Kanthi mengkono sejatine manungsa urip ing alam donya ora duwe apa-apa. Kayadene nalika dilahirake manungsa ora nggawa apa-apa, smono uga mengko yen wis tumeka titi wancine sowan ing ngarsa Gustine uga ora sangu apa-apa. Dadi apa kang bisa diumukake manungsa?

Tugas Pribadi
Tulisen sarine wacana ing dhuwur nganggo basa krama kang trep!
Rumusna topik wacana ing dhuwur!

PENDADARAN SISWA
I. Pilihen wangsulan a, b, c, d, utawa e sing koanggep bener !
1. Kethoprak kang diajab bisa dai pemersatu Jawa lan Cina yaiku kethoprak...
a. wayang kulit
b. Cipta Manunggal Budaya
c. Humor
d. Kuna
e. Cipta Manunggal Jati
2. Sing nduweni pepinginan nyatuake Cina lan Jawa lewat kethoprak yaiku ...
a. Liem Tian Sie
b. Liem Yan
c. Liem Ardianto
d. Liem Ardianti
e. Basuki



3. Lakon apa wae sing perlu disajeni kanthi komplet, kajaba ...
a. Arya Panangsang
b. Suminten Edan
c. Jaka Bodho
d. Angling Darmo
e. Ki Ageng Pandanaran
4. Untune sapa sing arep dipriksakake ing dokter ...
a. Anum
b. Ranum
c. Ibu
d. Sigit
e. Doktere
5. Kepriye Ranum kok wedi dicabut untune ...
a. doktere galak
b. sustere medeni
c. weruh tang kanggo nyabut untune
d. weruh setan
e. diseneni ibune
6. Ing jaman saiki lan jaman kawuri uga ana …
a. demonstrasi
b. maling
c. udan
d. dokter
e. pemiku
7. Pawarta sing bisane mung dirungokake, lumantar lewat ...
a. TV
b. Koran
c. Radio
d. Majalah
e. Surat
8. Kang kalebu kesenian Jawa , kajaba...
a. dansa
b. jaipong
c. beksan
d. kethoprak
e. macapatan










PIWULANG 3
TATA KRAMA
KOMPETENSI DASAR : 1. Ngrungokake Wacan Cerkak
2. Nelpon
3. Maca Ekstensif Teks Non sastra
4. Ngrungokake Crita Pengalaman

1. Ngrungokake (Mendengarkan) : Wacan Cerkak
Cerkak yaiku gancaran sing cekak ora luwih saka 10.000 tembung. Kira-kira 3-10 kaca/halaman.
Bab-bab sing kudu dimangerteni kanggo nyinau crita cekak :
1. Gagasan Penting
2. Alur
3. Paraga
4. Setting/ latar
5. Amanat
6. Gaya Bahasa
Crita cekak ing ngisor iki wacanen kanthi premati !
SKETSA UNGU ing PONCOT LANGIT
Tiara crita menawa pacare pirang-pirang. Embuh, apa karepe apa kok crita ngono. Aku ora peduli karo critane. Aku kepengin entuk wangsulan gumathok saka dheweke.
”Aku durung bisa mangsuli saiki, Mas.”
”Banjur kapan?” rasane aku selak ora sabar.
”Wangsulanku tanggal siji taun ngarep. Piye, sabar ngenteni apa ora ?”
”Yen mangsuli saiki wae geneya ta?”
”Ya durung bisa, rak kudu mikir-mikir dhisik.”
”Mbok saiki wae, karuan olehku siap-siap. Aku bisa nampa kok, wangsulanmu iku kepriye wae. Nadyan mengko bisa uga nglarani atiku.”
Tiara mesem. Dheweke ora wangsulan. Malah njiwit tanganku, banjur lendhetan ing dhadhaku. Ah, seneng rasane yen lagi cecaketan karo dheweke ngene iki. Tentrem, lan uku kepengin swasa sing kaya ngene iki kanggo selawase.
Angen-angenku terus nglambrang mbayangake yen sesuk urip bebrayan karo Tiara. Duwe omah cilik sing asri, dikubengi taman kebak kembang pacar sore. Ing mburi ana blumbangane cilik. Bening banyune, ing njerone ana iwak emase padha gegojekan.
”Upama duwe anak, pilih lanang apa wadon?” swarane Tiara mbuyarake angen-angenku.
Tembunge iku mau apa temenan? Kok mara-mara nakokake bab anak? Mangsuli pitakonku sing ndhisik wae durung kok saiki takon bab anak. Apa dheweke sengaja arep menehi pangarep-arep?
”Lanang apa wadon padha wae.”
”Nglairke pisan wae, nanging kembar ya Mas?”
”Manut. Sing nglakoni sliramu. Aku rak mung sponsore.”
Tanganku ngrangkul Tiara, dak kekep ing dhadhaku. Ing batin aku ndedonga muga kaendahan iki ora bakal sirna salawase.
Sasuwene setaun pangarep-arepku tansah tuwuh subur. Wiji katresnan ing kalbuku tansaya ngrembaka. Saben dina daksirami nganggo toyaning pangangen-angen. Pangajabku muga mbesuk bisa dadi uwit katresnanku. Sanadyan prahara, sindung-riwut lan lindhu gedhe pisan ta! Aku kepengin uwit katresnanku awoh kabayan kang langgeng.
Pancen ana kedadeyan-kedadeyan kang ora kepenak sasuwene setaun. Tau Tiara nampa layang sing ora genah sapa sing nulis. Layang iku diwenehake aku. Isine wong sing nulis iku gela karo Tiara. Nganggo ngancam barang. Aku ora nrimakake. Banjur dakturut saka ngendi asale. Kok nganti kay ngono surasane layang kuwi. sakjane apa wae sing wis ditindakake Tiara iku? Ning Tiara dhewe tau kandha yen pacare pirang-pirang, mbok menawa ya saka salah sijine ...
Rada angel anggonku nlusur, untung aku duwe cara kanggo mangerteni sapa satemene sing nulis iku. Nanging sawise ketemu, aku malah malih kaya-kaya ora percaya, jalaran isih bocah wingi sore. Umur-umurane kacek adoh karo Tiara. Bocah kuwi omahe cedhak karo omahku. Aku dadi kudu ngguyu yen nyurasa lelakon iki. Apa bener bocah kuwi iya salah sijine pacare Tiara temenan? Nanging umpamane iya, njur aku arep ngapa? Apa aku tegel? Ning aku tetep sumelang marang ancamane marang Tiara. Ngandi-ngandi takjampangi, nganti bocak kuwi akhire lunga nyambutgawe menyang kutha liya.
Wektu setaun pranyata ora suwe. Tanggal sing ditentokake Tiara mung kari limang dina. Tiara wis janji, naning nyatane beda karo sing dakarep-arep. Ing wektu sing ditemtokake, dheweke pranyata ora menehi wangsulan. Jare nembe masuk angin. Sedina candhake daktakokake maneh keputusane. Tiara mangsuli, jare suk pas ulang taunku wae. Bab wektu lan panggonane, aku arep dikabari liwat layang. Aku manut, nanging sepisan maneh, nyatane uga beda karo sing dakrep-arep. Nganti tekan dina ulang taunku, aku ora nampa layang babar pisan.
Rong dina sawise ulang taunku, aku ketemu Tiara. Dheweke takon geneya aku ora teka? Aku kaget, teka menyang ngendi maksude, wong aku babar pisan durung nemu kabar saka dheweke.
”Lho, layange wis dakirim liwat pos, apa njenengan ora nampa?” Tiara uga sajak kaget.
”Sasuwene iki aku tansah nganti-anti layangmu, ning siji wae ora ana sing teka,” aku nerangake.
Sesuke aku menyang Kantor Pos, nakokake layange Tiara. Entuk wangsulan yen layang sing takmaksud iku durung ana utawa durung tau mlebu mrono. Wah, ora berse iki, batinku.
Wengine aku menyang omahe Tiara. Dheweke dakkon gawe surat pernyataan yen wis bener-bener kirim layang. Tiara katon bingung. Wusanane dheweke kandha menawa sing salah iku kancane. Jare Tiara, layang iku dititipake kancane. Dikongkon ngeposake, ndilalah kancane iku lali. Jare layange dikanthongi lan katut dikumbah. Dadi, ya wis rusak ...
”Aku kepenging ketemu karo kancamu kuwi.”
”Arep mbok kapake?!”Tiara takon sajak kuwatir.”
”Ora arep dakapak-kapake. Aku mung kepengin ketemu.”
”Aja. Ora usah. Kowe ora usah ketemu karo dheweke!”
Aku unjal napas landhung. Banjur takon saiki kepriye putusane Tiara . dheweke semaya maneh. Jare arep manehi wangsulan sesuk awan. Wektu lan panggonane wis ditemtokake pisan. Aku manut.
Embuh wis kaping pira, nyatane sing tansah dakarep-arep ora tau netes. Daktunggu saka jam rolas awan nganti tekan sore, Tiara ora teka. Sing teka malah udan deres komplit karo gludhug lan angin gedhe. Aku dadi kuwatir mengko gek Tiara ana apa-apa. Geneya, ditunggu setengah dina kok ora teka? Aku ndonga muga-muga Tiara ora kena alangan apa-apa.
Bengine aku ora bisa turu. Anane mung kuwatir wae. Aku banjur nulis guritan, nganti parak esuk. Nalika ing wetan sang bagaskara trontong-trontong wungu saka sarene, aku metu golek hawa seger. Mlaku-mlaku napaki dalan pinggir wetan desa. Lan dina kuwi rasane dawa banget. Anggonku nyambutgawe rasane kaya mung ngambang. Tanpa ana panjangka. Ambang tanpa rasa.
Ngancik jampiti bengi, nalika aku nekad menyang omahe, Tiara lagi wae teka saka nyambutgawe. Dak enteni nganti dheweke rampung adus.
”Sorry ya, wingi aku ora isa teka jalaran kancaku kumat larane,” sadurunge aku takon dheweke wis aweh keterangan.
”Ya wis yen sliramu ora apa-apa. Aku mrene iki mung kepengin ngerti geneya sliramu wingi kok ora teka,” dak tanggapi rembuge Tiara kanthi sareh, nadyan satemene atiku saya goreh.
”Terus arep apa maneh? Saiki aku arep leren. Aku kesel banget.” tembunge alon.
Aku krasa yen satemene dheweke kepengin aku enggal lunga saka ngarepe, blaka suta marang donya, ati iki perih krungu tembunge. Aku mung bisa unjal napas landhung, menehi kalodhangan nuraniku njlumati apa kang kudu daktindakake.
”Aku kepengin leren Mas, awakku kesel banget.”
”Banjur kapan sliramu bisa aweh keputusan kanggo aku?”
”Minggu-minggu ngarep, sawise gaweyanku rada sela, mengko dakkabari.”
”Ya wis. Aku manut. Wis ya, aku pamit.” aku banjur mlangkah menyang latar. Nyetarter sepedha motor. Terus bablas bali. Ana rasa perih tuwuh maneh ing kalbuku. Apa satemene karepe Tiara iku, dene sekepe wengi iki atos banget, kanthi cara alus wis nundhung aku. Nganging kabeh iku banjur dakbusak nganggo putihing pangarep-arep. Aku ora kepengin panyakrabawa ala ing kalbuku ngrembaka nguwasani batin lan jiwaku. Aku ora kepengin kerem ing swasana sing ora cetha. Kepriyea wae kasunyatan iku kudu dinyatakake embuh aku ora ngerti kepriye karepe Tiara. Bakal takranti nganti dheweke menehi katrangan kang gumathok. Satemene ana rasa sujana marang dheweke, nanging aku banjur bisa ngapa. Dheweke kena tumindak apa wae. Bisaku mung ngenteni lan ngenteni ...
Sesambunganku karo Tiara dadi adoh. Aku ngrasakake dheweke tansah nyingkiri aku. Satemene ati iki lara... ning banjur aku bisa apa? Ketemu ana ndalan, dheweke kaya-kaya ora weruh aku, nadyan satemene weruh.
Ning aku isih tansah ngenteni keputusane. Wektu terus lumaku, tansah nyangking pangarep-arep. Wis ana setaun maneh sesambunganku karo Tiara. Nanging uga tetep durung ana keputusan. Aku nyoba nggenahake maneh, ”Tiara, wis rong taun anggonku ngenteni ...”
”Tunggu saja tanggal mainnya.” wangsulane Tiara.
Nadyan wangsulane mung kaya ngono, gambaran endah kok ya bali nyambangi angen-angenku. Ning nyatane sewulan sawise mangsuli kaya mengkono kuwi, dheweke nampa panglamare wong liya. Mesthi wae aku gela, anyel, mangkel, frustasi. Geneya kabeh iki kudu dakalami? Lelakonku iki rasane kok kaya lagu Manusia Bodoh kae. Tiara kok tega ya?Aku nglenggana, ning saiki wis ora kepengin lena maneh. Wis emoh pijer dadi dolanan wae.
Sore iki mendhung. Kembang pacar sore mekrok, manthuk-manthuk keterak angin. Mbokmenawa nglipur atiku kang susah. Udan riwis-riwis nyirami bumi. Swasanane tansaya atis. Kaya atiku.
Jaya Baya 31 / April 2005
Ajang Gladhen
I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Sapa wae paraga crita ing dhuwur?
2. Kepriye watak saben paragane?
3. Kepriye wujude alur kang digambarake ing cerkak kasebut?
4. Apa tema kang dadi lelandhesan pengarang kang ana ing crita kasebut?
5. Apa amanat sing arep dituduhake dening pengarang lewat crita cekak iku?

II. Tembung-tembung ing ngisor iki golekana tegese!
No Tembung Tegese
1.
2. 3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10. gumathok
Pangajab
Guritan
Wusana
blaka suta
panyakrabawa
keterak angin
nglipur ati
kerem
sesambungan

2. Nelpon
Telepon yaiku salah sawijining piranti kanggo aweh pawarta marang liyan.
Tata cara anggone telepon marang liyan :
1. Junjung gaganging telepon
2. Pejet nomer sing dituju
3. Nggenahake apa bener nomer sing dituju
4. Rembugan marang wong sing dikarepake

Nindakake Pacelathon
Tindakna ing ngarep kelas!
Bu Lastri : Halo, sugeng sonten!
Guruh : Halo, sugeng sonten. Leres menika griyanipun Andri?
Bu lastri : Inggih leres, menika sinten nggih?
Guruh : Kula Guruh, rencangipun Andri. Andri wonten , Bu?
Bu Lastri : O... nak Guruh, ta? Andri ana. Sik ya, takundangke tunggu sedhela ya nak.
Guruh : Inggih, maturnuwun, Bu.
Andri : Halo, piye ruh. Sorry wis suwe ya?
Guruh : Durung. Ndri,sajane aku ki pengin rembugan akeh karo kowe.
Andri : Akeh? Kok sajake penting. Laha memange apa bae to Ruh?
Guruh : Iki lho, aku meh jaluk warah ngenani tugas basa Jawa. Nulis akasara Jawa kae lho. Aku ki ora iso babar blas, mulane aku saiki lagi bingung banget. Mbok menawa kowe bisa biyantu aku.
Andri : Ya, ya. Aku ngerti. Yowes, kowe mrene wae. Ora bisa ta masalah kaya ngene dirembug ing telpon.
Guruh : Apa ora ngrepoti kowe ta?
Andri : Ora, wis ta mrenea gawanen bukumu. Aku ya sisan arep sinau.
Guruh : Yen ngono aku tak menyang omahmu saiki ya Ndri.
Andri : Ya, taktunggu aja lali pamit bapak ibumu lho,Ndri!
Guruh : Yawis, maturnuwun ...

Unggah-ungguh Basa
Manut cak-cakan lan trap-trapane, basa Jawa iku sejatine ana loro, yaiku basa ngoko lan krama. Nanging, manut panggonane ing sakehing masyarakat basa iku ana papat. Basa ngoko ana loro, yaiku ngoko lugu lan ngoko alus/andhap. Dene sijine basa krama uga ana loro, yaiku krama lugu lan krama inggil/ alus.
Dene cak-cakane kaya tabel ing ngisor iki.

Basa Digunakake Cirine
Ngoko Lugu -Marang sapadha-padha
- bocah karo bocah
- wong tuwa marang bocah Kabeh tetembungane nggunakake tembung-tembung ngoko
Ngoko Andhap - wong sing padha tuwane
- wong tuwa marang wong enom sing isih ngajeni Nggunakake tembung-tembung ngoko diselingi tembung karma inggil/alus
Krama Lugu - wong sing tembe kenal
- kanca nanging durung supeket
- wong tuwa marang wong enom nanging luwih dhuwur pangkate Tembung-tembunge kabeh tembung krama
Krama Inggil - bocah marang wong tuwa
- wong enom marang sing luwih tuwa utawa wong apangkat
- sing guneman luwih endhek drajat pangkate Nggunakake tembung-tembung krama inggil kanggo sing dijak guneman, kanggo awake dhewe nggunakake tembung-tembung krama
Gladhen
a. Gawea tuladha pacelathon telpon karo jejermu kang mratelakake salah sijine dadi bapak/ibu dene sijine dadi putrane sing sekolahe ana ing jaban kutha. Isine ngabarake kahananmu ing kana lan nyuwun donga pangestu supaya lancar anggone sinau lan lulus kanthi biji kang apik.
b. Paragakna anggonmu nelpon, kanthi teks sing wis kokgawe ing ngarep kelas. Dene kanca liyane nulis intine telpon sing ditindakake dening kancamu!
c. Wenehana tanggapan ngenani anggone maragakake nelpon kancamu mau!


3. Maca Ekstensif Teks Non sastra

Ngona Ngono Ning Ojo Ngono
Tulisanipun: Wisa; 10 June 2005
Hihi.. eruh ora? aku mbiyen jaman SMP sampek SMA pas pitulasan (17-an) kerep menang lomba geguritan. malah tau dadi juara siji lomba geguritan antar SMP sak kabupaten Tulungagung! hihi.. eruh geguritan ora? geguritan kui moco puisi boso jowo. mungkin soko kata dhasar gegurit sing artine puisi, trus lek ditambah akhiran an artine dadi moco puisi. lek enek sing luwih ngerti tulung dibenerno. monggo Jeng Isna menawi badhe ngoreksi..

Puisi jowo bedo karo puisi indonesia. umume puisi jowo nggae boso paling alus sing aku dhewe kadang ra ngerti artine. hehe. tapi artine secara keseluruhan aku ngerti, dadine sik iso menghayati puisi kuwi. andalanku jaman semono yo penghayatan kuwi. ekspresiku nggae juri2 terpikat sampai akhire menang dadi juara siji.

Pas upacara neng sekolahan diumumne lomba2 opo ae sing berhasil dimenangno SMPku, jenengku disebut salah sijine. aku mesam mesem isin tapi bangga. hihi. ndak nyongko iso melok ngarumke (mengharumkan - red) jenenge sekolahan. hihi. beberapa dino kemudian (aku ndak eruh boso jowone.. hehe) hadiahe tak jukuk neng depdikbud kabupaten Tulungagung. hadiahe pulpen parker. seneng banget oleh hadiah lumayan apik. tapi pulpene malah ora tau tak gae. eman2.. hehe..

Pyuh.. wis ah.. ndak sanggup aku nerusne. bukan apa2, nulis nggae boso jowo angel-e ora umum! nulis telung paragraf ae butuh wektu sak-jam. sepurane ae konco2.. dongakno aku sik iso nulis liyo dino.. lek ndak iso yo wis terpaksa aku nulis nggae boso indonesia. oleh opo ora?

Tugas Pribadi
1. Tulisen irah-irahane andharan/wacan mau!
2. Ringkesen andharan iki nganggo basa Jawa ngoko bae, kira-kira rong paragrap!

4.Ngrungokake Crita Pengalaman
A. Ngrungokake crita pengalaman langsung lan lumantar rekaman.

Ora Ngerti Wayang
Tulisanipun: siberia; 26 June 2005

Aku ora ngerti wayang, ora iso mbedakke sing endi wayange tokoh iki, sing endi tokoh iku. Crito2 wayang aku yo ra pati dhong. Palingan cuma ngerti keluargane Pandowo lan sethithik silsilahe. Seneng moco cerito wayang baru waktu ono cerito wayang mingguan "Wayang Mbeling" ning koran Jawa Pos tulisane Ki Sunu. Iku juga seneng mergo iso ngguyu-ngguyu mocone, dudu mergo pengen ngerti sejarah pewayangan. Saiki yo wis lali kabeh piye iku ceritane.


Menawane iku mergo pengaruh lingkunganku uga. Ning Malang, sing jenenge wayang emang ra pati ngetop. Tontonan wayang kulit sewengi muput sing biasane dadi tontonan sing paling dienteni ning kutho sing jowo banget, jarang ono ning Malang lan sekitare. Yen ono juga, ora ono wong sing tak kenal ngajak aku nonton. Ning keluargaku memang ora ono sing duwe lan majang koleksi barang-barang pewayangan, macem wayang kulit, utowo gunungan, lan sapanunggalane.

Wayang koyoke luwih identik karo budaya jowo soko keraton Solo-Jogja. Nek Malang luwih dipengaruhi budaya jowo suroboyoan sing rodo kecampur Meduro. Budaya Solo-Jogja luwih keroso ning jawa timur bagian kidul-kulon, koyo ning Kediri lan Madiun. Bagian kidul-wetan malah luwih cedhak nang Meduroan, lan sing ning lor umume melu Suroboyoan.

Pas kuliah aku ketemu akeh konco soko daerah sing dipengaruhi budaya Solo-Jogja iku. Kanca-kancaku itu umume ngerti soal wayang. Kenal tokoh-tokohe, apal ceritane. Seneng karo tembang-tembang jowo kuno lan lagu campursari, Ugo ngerti lan nerapake filosofi jowo. Bedo karo aku sing ora ngerti babar blas soal iku.

Ajang Gladhen
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor sinambi ngumbar gagasan!
1.Aranana paraga kang ana ing crita pengalaman iku!
2 Sapa penulis ing crita pengalaman kasebut!
3. Ing dhaerah ngendi crita mau dialami?
4. Kalebu crita sing kepriye crita ing dhuwur?
5. Kepriye ringkesan crita pengalaman ing dhuwur?

Tugas Pribadi
Tulisen pengalamanmu kanthi ringkes nalika study tour SMP ana kolom ngisor iki!
Wangsulan : .......................................................................................................................................
.......................................................................................................................................
.......................................................................................................................................
.......................................................................................................................................
.......................................................................................................................................
.......................................................................................................................................
.......................................................................................................................................









PENDADARAN SISWA
I. Pilihen wangsulan a, b, c, d, utawa e sing koanggep bener !
1. Kudu ngerteni watak, blegere, lan gagasan. Kalebu ...
a. alur
b. setting
c. paraga
d. amanat
e. panggonan
2. Gaya bahasa kalebu ing ngisor iki, kajaba ...
a. Paribasan
b. Bebasan
c. Majas
d. Parikan
e. Ironi
3. Bab sing kudu dimangerteni kanggo nyinau cerkak cacahe ana ...
a. 2
b. 3
c. 4
d. 5
e. 6
4. Perangan tata cara telpon kang mujudake pambuka yaiku ...
a. Andri wonten ...
b. Wonten perlu punapa ...
c. Punika sinten ...
d. Matur nuwun ...
e. Sugeng sonten ...
5. Salam lan atur panuwun perlu diucapake nalika ... pirembugan ing telpon.
a. arep telpon
b. buka
c. crita
d. mungkasi
e. nyambungake
6. Pamulangan basa Jawa ditrapake ing sekolah kanggo ngawekani pendidikan ing babagan ...
a. budi pekerti
b. paseduluran
c. teknologi
d. kadigdayan
e. kapinteran
7. Tut Wuri Handayani mengku karep ...
a. para siswa bisa mlaku dhewe-dhewe
b. guru kudu gelem ngalah marang siswa
c. menehi kalonggaran siswa, guru sadrema mantepake karep
d. siswa tansah oleh tepa tuladha saka guru
e. siswa dituntun sateruse nganti bias

8. Sesanti experience is the best teacher, but fee to be expensive. Iku mengku karep …
a. pengalaman luwih becik tinimbang latihan
b. golek pengalaman minangka guru
c. pengalaman urip kanggo nyukupi kebutuhan
d. pengalaman gurune pengetahuan
e. pengalaman guru paling becik nanging regane larang
9. Tuladhane pengalaman sing gawe angel umpamane …
a. dioyak wong edan
b. ngrewangi umbah-umbah ibu
c. munggah sekolah
d. ora wani turu dhewe
e. ngenteni kanca naging ora teka-teka
10. Nanging sing dipaeka tetep bisa kalis saka salire bebaya, kepara malah asring nampa sihing Bathara.
Ukara ing dhuwur nduweni karep wong kang ...
a. kena bebaya
b. nampa sihing Bathara
c. uwal saka bebaya
d. dilarani malah entuk pitulunganing Gusti
e. uwal saka bebaya lan nampa sihinhg Bathara

II. Wangsulana kanthi bener lan cekak aos!
1. Kepriye rasane?
a. Gula : ...
b. Uyah : ...
c. Asem : ...
d. Lombok : ...
e. Brutawali : ...
2. Apane kang cacad?
a. sing dhingklang : ...
b. sing wuta : ...
c. sing bodong : ...
d. sing wungkuk : ...
e. sing ndomble : ...
3. Kepriye krama inggile?
a. awak : ...
b. cangkem : ...
c. driji : ...
d. endhas : ...
e. irung : ...
f. anak : ...
g. nggawa : ...
h. lunga : ...
i. putu : ...
j. tangan : ...

PIWULANG 4
KASARASAN
KOMPETENSI DASAR : 1. Ngrungokake Wacan Cerkak
2. Pacelathon
3. Maca Wacan Aksara Jawa
4. Nulis Geguritan
1. Ngrungokake Wacan Cerkak
Semak cerita cekak iki nalika diwaca!
PANGGULAWENTHAH PAKERTI LUHUR
BUDI PAKERTINE PARA MUDHA TANSAYA LUNTUR?
Ing sawijining dina Kartika siswa kelas 2 SMA didolani kancane, diceluki saka pager, ”Tika-Tika ...” Enggal bae Tika njranthal mlayu metu nemoni kancane kang celuk-celuk mau. Kapinujon, Eyange kang lagi sambang ana dalem, ndangu, ”Ora ngono, ta Ndhuk, kancamu kuwi mau sapa?”
”Kanca sekolah, apa A Se to Yang?’
” Kok apa A Se, mertamu ngono kuwi ya kurang trapsila, ora ngerti dur. Kowe yen mertamu menyang omahe kancamu apa ya ngono kuwi?”
”Ya ora. Aku mesthi uluk salam dhisik, assalamualaikum utawa kula nuwun, ngomo!”
”Ya wis yen ngono!” Pinter Ndhuk, kowe! Ing samubarang tindak-tanduk utawa tingkah laku iku kabeh ana paugerane, ana aturane! Ora kok sludar sludur bengak-bengok ngono kuwi!”
Migatekake rembugan Kartika karo Eyange mau, sejatine nuduhake, yen para mudha taruna saiki rada kurang trapsila ing jagading pasrawungan. Lire pakertine wis ora nganggo paugeraning budaya kang maujud ing budi luhur. Kamangka, ing sajroning pasrawungan, lumrahe ya nganggo gegebenganing kabudayaan, senajan ora tinulis. Yen disemak secara sosiologis, bab mau karan ”sistem nilai”, samubarang kang tetep dijunjung dhuwur kadidene warisan kang pantes dipepudhi.
Mula ing pocapan sadina-dina, akeh banget pacalathon ing antarane wong tuwa, kang padha nggresula dene para mudha saiki kurang migatekake tata-krama lan budi pekerti. Awit ing sekolahan bab mau ora diperdi.
Lha yen pancen bener ing sekolahan bab tata-krama utawa budi pekerti mau ora diwulangake, yagene ora wong tuwa bae kang cancut taliwanda mulang muruk para putra-wayah supaya luwih migatekake tata krama?
Miturut Suwardi Endraswara, pakar budaya saka Universitas Negeri Jogjakarta, anane para mudha saiki akeh kang wis ora njawani mau awit kedayan saka santering arus globalisasi lan ngrembakane ngelmu bab wawasan, teknologi lan komunikasi utawa lumrah kasebut Iptek kang banjur ndayani marang sikep, caraning urup, lan tata pemikire wong Jawa. Wusanane, dumadi senggolan budaya, banjur nuwuhake kurban budaya, nampa, nolak utawa nyalarasake karo jamane.
Wong Jawa, kang tindak-tanduke tansah nggambarake budaya Jawa kang kebaj tata krama lan sopan santun, ing sajroning pocapan, tindak-tanduk, wanda. Lan sajroning sesambungan karo wong liya tansah ngatonake jawane. Mula banjur diarani njawani. Kosok baline, sok sapaa kang wis ora tumindak kang salaras karo budaya Jawa, diarani wis ora njawani.
Jaya Baya 31 / April 2005
Ajang Gladhen
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Apa irah-irahanewacan ing dhuwur?
2. Sebutna paraga lan watake saben paraga!
3. Kepriye carane kancil ngapusi macan?
4. Kepriye pungkasane crita ng dhuwur?
5. Gawea ringkesan/sinopsis cerkak ing dhuwur nganggo basamu dhewe!

Tugas Pribadi
Gawea cerita cekak kanthi tema bebas, wenehana irah-irahan kang trep karo isine. Banjur tulisen ing kertas folio lan kumpulna ing bapak/ibu gurumu!

2. Pacelathon
Gatekna pacelathon ing ngisor iki, banjur tindakna guneman!
Sarno : Di, Sardi! Preinan iki kowe arep menyang ngendi?
Sardi : Karepe mono iya kepingin menyang ngendi-endi. Nanging ya mung kari kepenginane thok.
Sarno : Kepriya ta karepmu kuwi. aku ora bisa nampa gunemanmu.
Sardi : Witikna dianggo sangu bae apa. Lelungan kuwi nganggo sangu. Wong tuwaku ora sugih kaya wong tuwamu.
Sarno : Iya bener ngono, nanging omahku rak ana desa. Wong tuwaku tani. Menyang nggonku bae apa piye?
Sardi : Tenan apa ora kandhamu iku. Kutha karo desa iku padha bae. Tani karo pegawe kantor ora ana bedane, kabeh iya nyambut gawe.
Sarno : Tenan lho, yen kowe gelem.
Sardi : Aku iya percaya. Aku seneng wae, tinimbang ning omah thok.
Sarno : Wis ayo, ora susah sesuk-sesuk, saiki bae mangkat.
Sardi : Mangkat iya mangkat, nanging rak kudu pamitan bapak ibumu dhisik to? Kareben ora dadi golekan.
Sarno : Iya bener kandhamu kuwi. aku ae yen lelungan iya mesthi pamit. Lah wong mangkat sekolah wae pamit kok, aja maneh arep lunga adoh.

Tugas Pribadi
Gawea pacelathon kanthi tema kasarasan, cacahe paraga luwih saka loro.

3. Maca Wacan Aksara Jawa
Wacanen Wacan Aksara Jawa ngisor iki !
?aunT|[n rnum\
?ranum wis\kLsSiji.aunT|[n wiwitPd ganTi.si= qukul disikSi= zrepSisih duwu/.qukulMinTipMinTip,nzi=aunT|[n si= lwsF|ru= [co[pot.aunT|[n kri tu=gknCilik,tu/mLebu gusi.mul[n [aor ken di[aog[kHogk\,mlh rup[n air_.knCknC [yn zrni, aunT|[n rnumKy
qiwul\,[boch[a [aor nesu. p[nC[nYnZi[lo,m]izis\[d[w[k weruh [d[w wuju[fF aunT|[n. pe/sisG[pLkJm/uren\,
Wacan kasebut salinen nganggo aksara latin ing ngisor iki!
................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................
Wangsulana nganggo aksara Jawa!
1. sp prg a= duwu/.
2. ap[n si= lr .
3. aunT|[n rnumKe[p] .
4. rnum\kLsPir .
5. aunT|[n pe/sis Hp .

4. Nulis Geguritan
Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak, mentes, lan endah. Cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah. Mentes yaiku tembunge duwe makna sing jero. Endah ngemu purwakanthi swara, sastra, utawa basa. Uga bisa diarani geguritan minangka asile cipta, rasa, lan karsa kang tinulis mawa tembung mentes lan basa kang runtut.


Titikane geguritan :
1. basane kalebu basa endah
2. tetembungane pilihan
3. sajak pungkasan bebas, nanging asring nggunakake purwakanthi basa, sastra, utawa swara
4. ora kaiket mawa paugeran gumathok kayadene tembang macapat
isine mentes
5. kadangkala nganggo lelewaning basa(gaya basa) kanggo nambah kaendahan.
Carane nulis geguritan yaiku:
1. nemtokake tema utawa underane tembung
2. milih tetembungan kang mentes
3. menehi irah-irahan kang jumbuh karo isine/ temane geguritan

Wacanen geguritan iki!

RUWAHAN
Dening Tangkisan Letug

Sasi Ruwah
sasine wong padha tilik simbah
leluhur kang wis jengkar sumare ing lemah
ngakoni yen taline katresnan kuwi ginawa mati
ora bakal ilang, ora bakal lebur
klambi, raja brana lan omah bisa ilang
nanging katresnan kuwi tetep lana

Mulane to wong Jawa
aja padha lali
ing sasi Ruwah tilikana simbah
kang wis tau ngukir uripmu

Sasi Ruwah
aja lali bage berkah
kirim apem lan lemper kanggo sorah
bungah merga manungsa urip iku berkah

Junjungan sembah
marang sing gawe urip
yaiku Ruwahing dumadi
sunaring katresnan jati
yen ta wong urip iku eling
sangkan paraning dumadi
sigrak ngimpun taline katresnan
kanggo sangu besok ing kalanggengan.

30 September 2004
Ajang Gladhen
Wangsulana pitakon-pitakon iki gegayutan karo geguritan ing dhuwur!
1. Apa tema geguritan ing dhuwur?
2. Apa amanat geguritan ing dhuwur?
3. Apa maksud isi ing bait kang kapisan geguritan ing dhuwur!



Tugas Pribadi
Gawea geguritan manut paugeran utawa titikane geguritan kang wis kokmangerteni. Sakdurunge nulis miliha dhisik tema apa kang kepingin koandharake, banjur wenehana irah-irahan kang mathuk karo temane!
Tema :
Irah-irahan :
Geguritan :

PENDADARAN SISWA
I. Pilihen wangsulan a, b, c, d, utawa e sing koanggep bener !
1. Crita kang paraga kewan diarani ...
a. legendha
b. fabel
c. mithe
d.
e.
2. Kancil ing cerkak iku ngakali sapa …
a. tikus
b. keyong
c. kethek
d. macan
e. ula
3. Kepriye watake kancil …
a. licik
b. srei
c. galak
d. kemaki
e. sareh
4. Yen lagi ngendikan marang wong tuwa kudune nggunakake basa ...
a. ngoko
b. ngoko alus
c. krama inggil
d. krama alus
e. ngoko lugu






5. Bapak tindak ing Surabaya.
Ukara ing dhuwur yen ditulis nganggo aksara Jawa ...
a. ?bpkTinFkK[nTo/.
b. ?bpkTinFkH=i surby.
c. ?bpktindkai=surby.
d. ?bpkTinFkHi surby.
e. ?bpk tinFk Hi= surby.

6. ?b vu[n beni= bzet\.
Ukara ing dhuwur yan ditulis latin ...
a. banyune bening banget
b. bayune bening buanget
c. bangune bening banget
d. kangune kening kanget
e. banyune bening
7. ?aunT|[n .... lr.
a.[dwi
b.siti
c.rni
d.rnum\
e.anum\
8. Buku klawu kae openana
Ukara ing dhuwur yen ditulis nganggo aksara jawa …
a.buku kLwu k[a [ao[pnNn
b.?buku kelwu k[a [ao[pnNn.
c. ?buku kLwu k[a [ao[pnn.
d. ?buku kLwu k[a [ao[pnNn,
e. ?buku kLwu k[a [ao[pnNn.


9. Kang duweni teges lelewaning basa yaiku ...
a. purwakanthi basa
b. purwakanthi sastra
c. purwakanthi swara
d. gaya bahasa
e. asiling cipta
10. Urutan kaping pisan nalika arep gawe geguritan ...
a. menehi irah-irahan
b. nemtokake tema
c. milih tembung kang mentes
d. ngembangake
e. nulis geguritan

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Kepriye titikane geguritan?
2. Geguritan iku tegese apa?
3. Apa tegese geguritan iku nganggo tembung kang mentes?
4. Sebutna jinising cerkak!
5. Pacelathon ing basa Indonesia uga diarani?

III. Ukara ing ngisor iki gaweya nganggo aksara Jawa!
1. Rambute ngembang bakung.
2. Lambeyane merak kesimpir.
3. Lengene nggendhewa pinenthang.
4. Bangkekane nawon kemit.
5. Lakune kaya macan luwe.




















PIWULANG 5
KAPRAWIRAN
KOMPETENSI DASAR : 1. Ngrungokake Pawarta
2. Ngandharake Kabar Saka Maneka sumber
3. Maca Crita Wayang
4. Nulis Wacan Deskripsi

1. Ngrungokake Pawarta
PAHARGYAN PENGETAN CHENG HO
Ing awal wulan Agustus 2005 kang nembe kepungkur, swasana mapag pengetan dina kamardikan Republik Indonesia kang ka-60 tanggal 17 Agustus 2005 meh wae ora krasa ana ing Kutha Semarang. Sewalike, swasana ing kutha Semarang memper “Chinatown” utawa Kampung Pecinan kang gedhe. Swasana kaya mangkono kuwi mau wis wiwit rinasa sawatara dina sadurunge.
Empere Kampung Pecinan, dalan-dalan protokol ing Semarang uga direnggani nganggo lampion warna abang mbranang khas Cina. Kuwi ing sanjabaning Kampung Pecinan, kaya ing Pekojan, Gang Pnggir, Gang Besen, Gang Warung, Gang Lombok, lan sakiwa tengene? Utamane ana ing Gang Lombok, swasana “Chinatown” banget rinasa, amarga ing kene dumunung// Klentheng Tay Kak Sie kang dadi salah sawijine punjering pahargyan, luwih-luwih ing wayah wengi. Swasana sarwa Cina krasa kenthel banget. Wiwit saka rerengan sapinggiring dalan nganti tumekaning jajanan ing laladan kene meh kabeh sarwa Cina.
Yagene kok Semarang nganti “malih” dadi “Chinatown”? ora liya amega ana ing awal wulan Agustus iku mau, ing Semarang pancen lagi dianakake pahargyan Pengetan 600 Taun Muhibah Cheng Ho. Jarene, muhibah Cheng Ho ing Semarang rikala 600 taun kepungkur kuwi mau nggawa misi ekonomi, sosial, lan politik. Ora mung Semarang wae kang ditekani, nanging kandhane atur, Cheng Ho uga nekani kutha-kutha liya ana ing pesisir Jawa sisih lor, kaya Kutha Lasem, Tuban lan liya-liyane. Patilasane Cheng Ho ing Semarang kang kawentar yakuwi Klentheng Sam Poo Kong ing laladan Gedhongbatu.
Pengetan 600 Taun Muhibah Cheng Ho ing Semarang kena diarani pahargyan kang agung lan gedhen. Pengetan iki ora mung dianakake dening warga kutha Semarang saka etnis Cina wae, nanging uga dening Pemerintah Kota Semarang, lan oleh panyengkuyung saka Pemerintah Provinsi Jawa Tengah. Pahargyan kaya ngene iki uga oleh kawigaten saka Pemerintah Pusat.
Even utawa perayaan iki pancen dilaksanakake kanthi gedhen. Ora mung atraksi kesenian lan kabudayaan Cina, nanging uga dianakake Seminar Internasional kanthi pemrasaran para ahli. Sakliyane kuwi, uga ana maksud utawa tujuwan liya. Ora liya ya kanggo nggugah jagading pariwisata ing Jawa Tengah, khususe Kutha Semarang kang katon lesu, digegadhang bisaa gumregah maneh.
Pengetan 600 Taun Muhibah Cheng Ho sakliyane dianakake ing Semarang uga wis dianakake ing Negara Singapura. Kanthi pengetan 600 Taun Muhibah Cheng Ho mau, jare Singapura kasil ningkatake jumlah wisatawan mancanegara kang teka ana ing Negeri Singa kasebut. Mbokmenawa ngilo saka Singapura kang kasil nganakake pengetan mau, njalari Pemerintah Kota Semarang apadene Pemerintah Provinsi Jawa Tengah nganakake pengetan kang padha. Lan pancen, jarene kabar, meh kabeh hotel-hotel berbintang ing Semarang kebanjiran tamu-tamu saka mancanegara kayata saka Singapura, Malaysia, Hong Kong, Cina, lan liya-liyane kang nduweni gandheng ceneng kasejarahan karo Cheng Ho.

Ajang Gladhen
A. Sawise ngrungoake wacan sing diwaca kancamu, banjur bisa jawab pitakon-pitakon kang magepokan karo isine warta ing dhuwur mau.
1. Pengetan apa sing swasanane ngluwihi pengetan dina kamrdikan Republik Indonesia?
2. Pengetan 600 taun Cheng Ho, sakliyane dianakake ing Semarang uga wis dianakake ing negara ngendi?
3. Apa sebabe Singapura saben taun nganakake pengetan 600 taun Cheng Ho kanthi gladhen?
4. Apa sebabe dalan-dalan protokol ing Semarang direnggani nganggo lampion warna abang mbranang khas Cina, utamane ana ing gang Lombok?
5. Apa buktine menawa saka pengetan Cheng Ho ing Semarang bisa ningkatake jumlah wisatawan mancanegara?
B. Gawea ringkesan pawarta ana kolom ing ngisor iki!
No Pokok Berita/Pawarta Rincian Pawarta
1.
2.
3.
4.
5.

Tugas Pribadi
Garapen kaya sing diprintahake ana ing ngisor iki!
1. Paragrap kaping loro tulisen banjur wenehana tandha (/) kanggo mandheg sawetara utawa unjal ambegan lan tandha (//) kanggo mandheg (titik).
2. Paragrap sepisan kuwi owahana dadi basa krama lugu sing trep!
3. Paragrap kaping telu gantinen nganggo basa Indonesia sing bener!
4. Panyaruwe utawa tanggapanmu marang pawarta ing dhuwur. Tulisen ing kolom ngisor iki!
No Tanggapan: kritik, saran, pituduh, pamengging, pamaido, lsp manut panemumu
1.
2.
3.
4.
5.

2. Ngandharake Kabar Saka Maneka sumber
Ajang Gladhen
Coba wacanen maneh wacan ngarep mau srana batin banjur andharna isi ringkesan marang kanca-kancamu !


Tugas Pribadi
Goleka informasi saka TV, utawa radio kanthi masalah bebas, banjur yen wis gawenen laporan ngenani informasi mau. Tulisen ing buku tugasmu, lan nyuwuna pamanggih bapak/ibu gurumu.

3. Maca Crita Wayang
Satriya Bikukung, Raden Indrajit
Duwe Panah Nggegirisi Kaya Bom Nuklir

Saka barisan wadya Ngalengka ana senapati kang dhugdheng, arane Indrajit. Sekti mandraguna lan pilih andhing, njalari wadya wanara kang sabiyantu marang Prabu Rama Wijaya padha rumangsa kedher yen kudu adu arep karo Indrajit.
Indrajit satriya ing Bikukung iku, isish anake Prabu Dasamuka dhewe, lan banget digadhang-gadhang bisa ngganteni dadi raja Ngalengka. Emane Indrajit malah nemani pati amarga mbelani bapake kang nyidra Dewi Sinta saka Prabu Rama. Indrajit gugur ing palagan kena jemparing Raden Lesmana Widagda.
Anake Dasamuka iku akeh. Nanging kang asring kocap ing pedhalangan ana lima, yakuwi Indrajit, Trisirah, Narantaka, Trikaya, lan Dewantaka. Ing antarane anak lima kuwi Indrajit kang paling dipercaya dening Dasamuka, klebu didhawuhi ngreksa negara yen Dasamuka pinuju nilar praja.
Indrajit pancen nduweni kaluwihan-kaluwihan ing sawernaning babagan yen dibandhing karo sedulur-sedulure liyane. Nadyan arupa raseksa kaya bapake, Indrajit mono isih turune jawata, awit ibune widadari jenenge Dewi Tari, putrane Bathara Indra. Laire Indrakit dumadi saka mega kang dipuja dening Raden Gunawan Wibisana, kadang ragile Prabu Dasamuka. Mula Indrajit uga duwe dasanama Megananda utawa Begananda.
Ana ing palagan kang diandelake Indrajit yaiku sanjata panahe kang aran Nagapasa. Iki dudud panah lumrah, awit yen mungsuhe kena panah iki mesthi sakojur awake banjur kegubed rante waja lan ora bakal bisa uwal maneh. Sanjata Nagapasa iki tau ’mangan’ Anoman kang nalika kuwi diutus Prabu Rama methuki Dewi Sinta kang lagi dikungkung ing taman Kraton Ngalengka.
Nalika semana Anoman teka kanthi sesidheman. Bareng konangan wadya raseksa banjur dioyak. Para raseksa ora kasil nyekel, malah akeh kang nemahi tewas diamuk Anoman sing wekasane lagi bisa kapikut sawise kena panahe Indrajit, Nagapasa. Anoman kang wis kagubed rante banjur diobong urip-uripan. Geningalad-alad murub saka awake, nanging kethek putih kuwi ora mati. Malah mencolot menyang dhuwur payon wewangunan siji, pindhah menyang dhuwur payon wewangungn liyane, njalari kutha Ngalengka kobong.
Saliyane Nagapasa, Indrajit uga duwe panah aran Wimohanastra, tegese panah kang nggegirisi. Sinebut mangkono awit yen sanjata iki diculake saka kendhenge sepisan wae, bisa mateni mungsuh mangewu-ewu, mbokmenawa kaya bon muklir ngana kae.
Indrajit uga duwe aji sirep kang njalari mungsuhe padha turu kepati. Nalika barisan wanara arep ngebroki Ngalengka, Indrajit ngetog aji sirepe, saengga wadya wanara padha turu angler. Sawise mungsuh padha turu, Indrajit nglepasake sanjata Wimohanastra, ndadekake wadya wanara padha pralaya. Nanging aji sirepe mau ora masah marang Gunawan Wibisana kang nalika kuwi dadi salah siji senapatine Prabu Rama. Gunawan Wibisana banjur nggugah Sri Rama. Sawise weruh bala wanara akeh kang mati. Rama ngutus Anoman ngupaya tata maosadi, tetuwuhan kang nduweni khasiat obat kang tuwuh ing pucuk gunung, kanggo ngusadani para wanara kang wis pralaya mau nganti padha urip maneh.
Sawise Kumbakarna gugur, wadya Ngalengka saya kocar-kacir. Ngalengka wis ora duwe senapati sing bisa diandelake maneh, kang keri kari Indrajit lan Dasamuka dhewe. Sejatine Dasamuka ngeman Indrajit amarga anake kang isih urip mung Indrajit. Nanging Indrajit minangka satriya Ngalengka rumangsa kudu maju ing palagan kanggo netepi darmaning satriya. Kanthi ati kang abot banget Dasamuka nglilakake Indrajit budhal menyang palagan.
Ana ing pabaratan Indrajit dipapagake dening Raden Lesmana Widagdo. Kekarone padhadene sekti mandraguna. Nanging wekasane Indrajit gugur kena panahe Lesmana aran Rudrasara. Patine Indrajit gawe sedhihe bojo-bojone, yakiwi widadari cacah pitu. Para widadari mau banjur padha bela pati minangka tandha setya.
Jaya Baya 31 / April 2005
Ajang Gladhen
Gawenen ringkesan saka crita wayang ing dhuwur nganggo basamu dhewe-dhewe. Banjur tulisen ing buku tugas lan nyuwuna panyaruwe saka bapak/ ibu gurumu.

Tugas Pribadi
Goleka crita wayang liyane bisa saka majalah, TV, radio lan sapanunggalane. Banjur gawenen sinopsis/ringkesan crita nganggo basamu dhewe-dhewe!

4. Nulis Wacan Deskripsi
AGUS LAN KENYA RAMBUT ENDAH
Ora suwe meneh Presiden Yudhoyono bakal mantu putra pambarepe, Lettu Infanteri Agus Harymurti Yudhoyono entuk kenya ayu kinyis-kinyis. Sajake nom-noman loro iku anggone sambung tresna wis sawetara suwe lan wis dudu rahasia maneh. Saben diwawancarai wartawan Annisa ora selak yen pancen sambung tresna karo putrane Presiden Yudhoyono sing nggantheng kuwi.
Sapa ta kenya kang begja banget arep dadi putra mantune Presiden SBY iku? Annisa Larasati Pohan sawijining presenter acara olahraga ing televisi swasta. Putrane salah siji Gubernur Bank Indonesia iki kelairan Boston 20 November 1981.
Merga kasulistyane lan rambute sing endah, Annisa nganthongi maneka warna prestasi kang ana gandhenge karo kasulistyane. Rambute kang endah kawuwuhan kasulistyane njalari Annisa mumbul dadi selebriti kang kondhang, laris dadi bintang iklan lan kasil mikat atine perwira mudha Agus Harymurti. Putra nomer loro kulawraga Aulia Pohan sing dedege 164 cm kuwi ngaku yen ora arep suwe-suwe anggone pacangan lan kepengin enggal palakrama karo perwira idhamane sadurunge umure ndungkap selawe taun.
Jaya Baya 31 / April 2005
Ajang Gladhen
Gawenen ringkesan supaya wong gampang ngerti sapata kenya rambut endah kuwi!


Tugas Pribadi
Gawenen paragrap deskripsi kanthi objek bebas, wenehi irah-irahan kang trep karo isine, banjur tulisen ringkesane ana kolom ing ngisor iki paling sithik 10 larik!










PENDADARAN SISWA
I. Pilihen wangsulan a, b, c, d, utawa e sing koanggep bener !
1. DPR iku cekakan saka ...
a. Dewan Perwakilan Rakyat
b. Dewan Perwalian Rakyat
c. Dewan Permusyawarahan Rakyat
d. Dewan Permasalahan Rakyat
e. Dewan Perkumpulan Rakyat
2. Tawuran ing wacan dhuwur iku ana ing ngendi ...
a. ngarep gedung DPR
b. jero gedung DPR
c. dalan raya
d. ngarep sekolahan
e. Somalia
3. Ketua MPR nalika taun 2005 wacan ing dhuwur yaiku ...
a. Habibie
b. Susila Bambang Hudoyono
c. Megawati
d. Hidayat Nurwahid
e. Jusuf Kalla
4. Sing setuju nekakake bala bantuwan kanggo njaga perdamaian saka Uni-Afrika yaiku …
a. Presiden
b. wakil presiden
c. DPR RI
d. MPR
e. DPR Somalia






5. Jupukna kapur kuwi.
Menawa ditulis nganggo aksara Jawa ...
a.

b.

c.

d.

e.

II. Wangsulana kanthi bener lan cekak aos !
1. Kepriye tembung ngokone ?
a. enjing : ...
b. Ageng : ...
c. Kagem :...
d. Sampeyan : ...
e. Gendhis : ...
2. Kepriye krama inggile ?
a. lara : ...
b. gelem : ...
c. umur : ...
d. tuku : ...
e. mulih : ...
3. Kepriye kosok balene ?
a. gedhen >< ... b. tindak >< ... c. siswa >< ... d. bapa >< ... e. ngelih >< ...















GLADHEN SEMESTERAN
I. Pilihen wangsulan a, b, c, d utawa e sing koanggep bener !

1. Lelayu iku klebu wara-wara kang surasane …
a. kabar wiwitane pasar malem
b. kabar lowongan gawean
c. kabar sripah
d. kabar ajak-ajak kerjabekti
e. kabar anane lomba
2. Apa sing kudu digayekake nalika guru lagi menehi wara-wara ...
a. sapa kang dituju
b. kepriye basane
c. kepriye surasane
d. kepriye urut-urutane
e. kepriye balesane
3. Krungu critane Andri wong-wong padha ngguyu mekekelen, amarga critane ...
a. medeni
b. lucu
c. saru
d. nggumunake
e. nggatekake
4. Wis umum yen nalika lulusan padha seneng-seneng atine, lah ana sing corat-coret barang. Ana sing mbeda kancane nempeli kertas nganggo lem. Klebu Atan wektu iku ditempeli tulisan ”STRESS” nanging dheweke ora ngerti. Sakwise padha kesel, Atan terus numpak bis menyang Karangayu sak perlu tuku bakso kesenengane. Anehe, saben-saben ana wong kang ngulatake dheweke terus mesem, Atan mbales mesem. Wong kang padha mesem mau amarga ...
a. ramah
b. ngulatke tulisan stress
c. Atan lulus
d. Baksone enak
e. Atan pancen ramah
5. Pawarta kang dicritakake marang wong liya becike ...
a. ngandhar-ngandhar supaya katon pintere
b. saperangan kang trep karo atine
c. saperangan bae supaya dhewe takon genti
d. kabeh kang diwaca utawa wis ditampa kabeh panemune
e. pokok-pokoke bae supaya luwih gampang dimangerteni
6. Simbah wingi nontion wayang ing TVRI. Ukara kasebut yen dibasakake karma alus yaiku…
a. Eyang kalawingi nonton ringgit wonten TVRI
b. Eyang kalawingi ningali wayang wonten TVRI
c. Eyang kalawingi nonton ringgit wonten TVRI
d. Eyang kalawingi mriksani ringgit wonten TVRI
e. Eyang kalawingi ningali ringgit wonten TVRI

7. Dhek wingi Sinta peteng atine marga dienengake karo Dewi.
Tembung kang kacethak kandel tegese ...
a. bungah
b. susah
c. peteng
d. serik
e. srei
8. Aja kulina duwe watak mban cindhe mban ciladan marang sapadha-padha.
Tembung kang kacethak kandel tegese ...
a. sayang
b. legawa
c. pilih kasih
d. rela
e. susah
9. Aku didhawuhi guruku tuku buku basa Jawa. Ukara kasebut krama aluse yaiku ...
a. kula dipun dhawuhi guru kula tumbas buku basa Jawi
b. kula dhawuhi guru kula tumbas buku basa Jawi
c. kula dipun dhawuhi guru kula mundhut buku basa Jawi
d. kula diutus gurune kula tumbas buku basa Jawi
e. kula diutus guru kula tumbas buku basa Jawi
10. Jupukna kapur kuwi.
Menawa ditulis nganggo aksara Jawa ...
A ?jupukN kpu/ kuwi,
b. ?jupukN kpu/ kuwi.
c. ?jupukn kpu/ kuwi.
d. ?jupukN kpu/ k[a.
e. ?jupuk kpu/ kuwi.

11. ?rituwlWezi aiki.
Aksara Jawa ing dhuwur yen ditulis mawa aksara latin...
a. ritual wengi iki
b.rituwal wengi iki
c.ritual wengi
d.riwal wengi iki
e. rituwal bengi iki



Pacelathon ing ngisor iki dienggo nggarap soal no.12-13.
Bu Merta : Saenipun sakmenika ngaten mawon, den ayu. Panjenengan sakmenika sampun gatuk piyambak kaliyan ndara Eli, mila rembaganipun lajeng ngendika kemawon blak-blakan, kadospundi mundhutipun.
Bu Praja : Lha nek kula, angger empun kaya omong kula wau awan, nggih empun mangga.
Bu Eli : Dadi niki genahe, ... mbakyu mundhut tigang ewu sewulane, nggih ngoten ta?
Bu Praja : enggih ngaten menika, jeng. Ning kula nyuwun sewanipun dipunparingi kalih taun.

12. Ngrungoake rembugane wong telu iku lagi padha ...
a. nyewakake barang
b. adol tinuku barang
c. gentenan nyilihake barang
d. mbalekake barang
e. ijolan barang
13. Nitik saka anggone rembugan pratelan sing cocog yaiku ...
a. Bu Praja ora duwe omah
b. Rewange Bu Praja iku B. Merta
c. Bu Praja adhine Bu Eli
d. Bu Merta wong tuwane Bu Praja
e. Bu praja kancane Bu Merta
14. Sing kalebu Pandhawa yaiku, kajaba...
a. Puntadewa
b. Werkudara
c. Janaka
d. Kurawa
e. Nakula
15. Sing kalebu Pandhawa yaiku, kajaba...
a. puntadewa
b. werkudara
c. janaka
d. kurawa
e. Indrajit

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1. Gawea wara-wara kang isine mratelakake bab keghiyatan siji wae. Isi, wektu, lan panggonan bisa kotemtokake dhewe!
2. Gawea crita pengalamanmu sing nganti saiki ora bisa koklalekake, bisa crita lucu, sedhih, utawa nyenengake. Paling sitik 5 baris!
3. Gawea karangan kang wujude narasi, wenehana irah-irahan kang jumbuh karo isine!



III. Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa kang trep lan bener!
1. Bukune usungana menyang perpustakaan.
2. Buku kuwi gambarana kabeh.
3. Dheweke kepleset ana sendhang.
4. Telung sasi meneh unggah-unggahan.
5. Mangke dipun rembag malih.

IV. Wacan ing ngisor iki gantinen nganggo latin!
?ajini= diri p]ibdi, mu= gumnT|= ai= wedri= lqi. Aiku li[r, p[wo=znHiku dia[jni spepd[n ap [aor, mu= gumnT|=mr= wicr[n. [ynWicr autw gunem[n becik,kebkTt k]m, lnZ[jni mr= [w=o liy, wisTmT| [w=o liy aug z[jni mr= [d[w[k.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar