Rabu, 20 April 2011

Kembang ambyor sak gagange Salah sijining karyaku kang wis tau tak pentasake

Kembang ambyor sak gagange
Cah lanang 2 playon ………………… ngoyak-oyak layangan…….
1 : kuwi layanganku
2 : ora layanganku
(sinambi mlayu arep ngoyak layangan)
3 : oalah le….le kok malah pada oyak2an, ati2 le dalane rame…..(karo ngandani bocah mau)
Jamane wis owah…..jamane wis owah…..
Apa iki sing diarani globalisasi, reformasi apa mung ngapusi?
Jamane wis owah……
Sawangan kae ….
Bocah cilik rebutan layangan ….
Pada rebut kaya padu
Mung nyawang kang ana ing dhuwur…..mripate tangane mbokmenawa sandhangane ….kabeh mung nyawang dhuwur ….. oalah jaman …..jaman…… edan!
4 : oalah yem ….yem …. Jaman saiki ya pancen wis owah …..
3 : owah2a ya aja ngilang-ilang ….
4 : apa kang ilang?
3 : wah mbah putrid pun supe napa?aja diplerokine mbah….(sinambi nyanyi),
4 : iya ya mbah….lagu kuwi kang kudune di dhuweni kok pada lali malah saiki mung padha oyak-oyakan layangan …. Dene yen disawang anggone ngoyak nganti ora eling sapa kang ditemoni…….
Layangane temangsang nang dhuwur gendhenge simbah
Dene wong loro mbah2e malah asik anggone ngrungokake tembange narto sabdo
Ora let suwe simbah loro mau kaget merga putu2ne pada ngundhang
1 & 2 : mbah …. Mbah guru ….. mbah ….. layanganku pedhot mbah….kae temangsang ana payon mbah…. (ngundang bola-bali)
1 : wah mbah guru payah ki ora gelem metu …..
2 : apa iya
1 : iya kae ki payah tenan g ngerti apa yen layanganku temangsang kamangka anggonku ngoyak adoh tenan kae
2 : masa iya?
1 : lha kon piye?
2 : tak kira yam bah guru ki mung gek sare ora krungu dhewe ngundang undang…..
1 : ah ora kae mesti gek duka mergane layangane temangsang ana gendhenge
2 : oral ah ….. apa malah dukane merga dhewe padha rebut rebutan layangan?
Ora let suwe mbah metu
4 & 8 : oalaeh tu putu …. Jane ana apa kok bengok?
3 : kae lho mbah ….. layangane wis tiba malah ora ana kang kena, jebul temangsang ing gendheng ….
4 :Oooo merga layangan ta ….. wis timbang padha ribut rebutan layangan barang ana ndhuwur mendhing ben wae. Pancen papane wis ana dhuwur, ora usah mudhun maneh….timbang dadi rebutan …..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar