Minggu, 03 April 2011

Pacelathon

MODUL BAHASA JAWA SMA
NULIS PACELATHON

I . Pendahuluan
a. Deskripsi
Modul Nulis Pacelathon yaiku modul kang ngrembag babagan carane nulis pacelathon. Modul iki dikarepake bisa mbantu guru lan siswa kanggo nyiptakake KBM kang lancar.
b. Prasarat
Modul iki kanggo siswa kelas XI
c. Petunjuk Penggunaan Modul
Dibaca dan dipahaami dengan sebaik-baiknya
d. Standar Kompetensi :
- Bisa nulis teks sambutan upacara adat, nyalin teks saka aksara latin dadi aksara Jawa, lan bisa nulis wacan kabudayan Jawa.
Kompetensi Dasar :
- Nulis Pacelathon.
e. Indikator :
- Nulis Pacelathon

II. Kegiatan Belajar
1. Tujuan Kegiatan Pembelajaran
 Nulis pacelathon
2. Uraian Materi lan Contoh
Manawa nalika nindakake pacelathon sing wigati kudu mawas empan, papan, lan panggonan. Lire kudu nggatekake sapa sing diajak guneman, ana ing kahanan sing kepriye, la nana ing ngendi papane. Semono uga menawa nulis pacelathon uga kudu nggatekake paraga sing bakal dicritakake, amrih bisa ngetrepake basa kanthi ttrep lan jumbuh karo unggah-ungguhing basa.
Amrih apike, menawa nggawe pacelathon para siswa kudu nggatekake panganggone ukara, yaiku ukara crita, ukara pakon, ukara pitakon, ukara sambawa lan ukara sananta. Jlentrehan ing ngisor iki.
1. Ukara Crita
Ukara crita (kalimat berita) yaiku ukara kang isine nyritakake utawa ngandharake sawijing bab utawa kadadeyan marang wong liya. Tuladhane kaya ing ngisor iki.
a) Saben wulan Mulud ing Ngayogyakarta lan Surakarta mesthi ana Sekaten.
b) Rikala aku ngepit mau, ing protelon tugu Pahlawan ana uwong ketabrak mobil.
c) Ahad esuk aku lan bapak arep menyang Jakarta kanggo golek sepatu.
2. Ukara Pakon
Ukara pakon (kalimat perintah) utawa imperative yaiku ukara kang surasane awujud pakon utawa prentah marang wong liya supaya nindakake sawijining bab utawa pakaryan kaya kang dikarrepake sing ngongkon. Wujude ukara pakon iku warna-warna, kaya ing ngisor iki.
a) Ukara Pakon Lumrah
Tuladha
 Ndang ombenen!
 Awas sing ngati-ati!
 Wis enggal garapen!
b) Ukara Pakon Pamenging
Tuladha
 Kowe ora kena dolan yen during sinau!
 Aja rame-rame simbah lagi sare!
 Aja mangan ing ngarep lawang!
c) Ukara Pakon Pangajak
Tuladha
 Awake dhewek saiki leren dhisik!
 Ayo padha mampir ana omahku dhisik!
 Sadurunge kawiwitan ayo padha donga dhisik!


d) Ukara Pakon Panantang
Tuladha
 Antemen yen pancen kowe wani!
 Maraa rene yen nyata wani aku!
 Gage balangen yen njaluk tak pothes tanganmu!
e) Ukara Pakon Paminta
Tuladha
 Mbok kowe mengko dolan omahku!
 Dhik, tulung cendhelane ditutup bae!
 Aku dak dolan nyang omahmu, nanging ana disajeni ya!
3. Ukara pitakon
Ukara pitakon utawa kalimat tanya yaiku ukara kang isine awujud pitakonan. Ukara iku racake migunakake tembung pitakon (apa, piye, pripun, kadospundi, sinten, sapa, pira, pinten, ing ngendi, wonten pundi, coba, cobi, kapan, lan kala punapa). Ukara pitakon bisa kapilah-pilah dadi kaya ing ngisor iki.
a. Ukara pitakon lumrah
Tuladha
 Omahmu ing ngendi?
 Saiki wis jam pira?
 Palakrama iku apa tegese?
b. Ukara pitakon kang ora perlu diwangsuli (ukara retoris)
Tuladha
 Kesandhung kuwi apa lara, Yung?
 Sapa sing ora kepingin munggah ing kelas iki?
 Iki ta daleme Pak Haryoto?
c. Ukara paminta
Tuladha
 Piye yen leren dhisik?
 Saupama kathok iku tak wenehake adhimu piye, nang?
 Kowe mathuk apa ora yen saiki awake dhewe nikah bae?

4. Ukara Sambawa
Ukara Sambawa iku ukara kang isine awujud pangarep-arep, saupama, utawa, sanadyan. Ukara iki racake migunakake tembung-tembung kang kawuwuhi panambang –a utawa -ana.
Tuladha
 Panasa, ya ben clanaku garing.
 Udana ben tanduranku dadi subur.
 Mrenea awit mbiyen kowe ora klakon kapiran.
 Sugiha dhuwit aku rak wis gawe omah.
 Tinangisana nganti mlebu rumah sakit, dheweke ora bakal dadi pacanganmu.
 Ditukoke sepatu anyar, ya ora tau dingo.
5. Ukara Sananta
Ukara sananta yaiku ukara kang isine niyat, karep, utawa sedya. Ananging, kang duwe niyat utawa sedya mau awake dhewe. Mesthi wae ukara iki durung kalakon utawa durung katindakake jalaran isih awujud niyat.
Tuladha
 Sesuk awan aku arep golek degan abang.
 Kareben munggah sekolah, aku kudu sinau sing mempeng.
 Aku arep adus, kowe aja ngajak PSan wae.
 E, dakdolan menyangn daleme eyang.
 Tinimbang nonton tipi tak resik-resik kamar ah!

Coba gatekna tuladha pacelathon ing ngisor iki!
Ibu : Tih, kancamu sing dolan mrene mau sapa?
Ratih : Kanca ingkang pundi ta, Bu?
Ibu : Bocah lanang sing nganggo kaos kelekan karo kathok rowal-rawil ijo mau lho?
Ratih : O, punika pacangan kula bu?
Dening
Kleang
 Ing pacelathon dhuwur kacetha paragane yaiku ibu lan ratih kang dadi anake. Mesti wae Ratih minangka anak kudu micara basa kram alus marang ibune, dene ibune basa ngoko.
3. Latihan Soal
Isenana ceceg-ceceg ing pacelathon ngisor iki!
Ratna : . . . .1
Erna : Aku ya wis nyoba nanging angel banget
Mei : Iya . . . .2, semana uga aku ya wis nyoba.
Beni : Piye ta, . . . 3. serius banget ketoke.
Umi : . . . .4
Lala : Iya iki, Um . . . .5 apa wis rampung?
Ana : Sinau bareng wae ana umahku. Aja lali sing duwe buku pendamping digawa lho ya.
Nani : Aku setuju karo idemu iku!
Wangsulan
1. Tugase kok angel banget ya.
2. Padha.
3. Ana apa iki?
4. Masalah tugas basa Jawa to?
5. Tugas basa Jawamu

4. Rangkuman
Nalika nindakake pacelathon sing wigati kudu mawas empan, papan, lan panggonan. Lire kudu nggatekake sapa sing diajak guneman, ana ing kahanan sing kepriye, la nana ing ngendi papane. Semono uga menawa nulis pacelathon uga kudu nggatekake paraga sing bakal dicritakake, amrih bisa ngetrepake basa kanthi ttrep lan jumbuh karo unggah-ungguhing basa.

2 komentar:

  1. maturnuwun sanget bab kawontenan ular - ular basa jawi menika, awit sedayanipun saget amrantasi kawruh sok sinten kemawon sing badhe mbetahake.

    BalasHapus
  2. maturnuwun sanget bab kawontenan ular - ular basa jawi menika, awit sedayanipun saget amrantasi kawruh sok sinten kemawon sing badhe mbetahake.

    BalasHapus